Pelari dunia ora bisa ngladeni ‘CR7’

Atlet lari (pelari) paling banter sadonya, Usain Bolt, ngakoni kehebatan playune gelandhang anyar Real Madrid Cristiano Ronaldo. Malah Bolt ngaku saupama dheweke dadi bek, mula bakal kangelan mburu ‘CR7’.

Bolt pancen sempat nggelar latihan bareng Ronaldo nalika kapten tim nasional Portugal kuwi isih mbela Manchester United. Lan sawise Ronaldo resmi nggabung klawan Madrid, Bolt ngaku dheweke pengin latihan bareng pasukan Los Blancos.

bolt-reutersBolt ngaku dheweke minangka fans duo striker Madrid, Raul Gonzalez lan Ruud van Nistelrooy, saliyane Ronaldo.

“Ronaldo diciptakake kayadene sprinter. Aku jelas bakal ngalami kethetheran ngendhegake playune yen aku dadi sawisijing bek” ujare Bolt marang Realmadrid.com.

Ronaldo resmi dadi pemain Madrid saikine, senajan publikasi resmi Pemain Terbaik Dunia FIFA 2008 mau isih bakal dianakake El Merengus sawenehing dina maneh.

Bolt Ora Marem

Durung suwe iki Usain Bolt kasil menangake kajuwaran nasional, nanging pranyata sprinter Jamaika iki ngaku ora marem. Sebabe ora liya merga cathethan wektu kang diukir adoh luwih rendhet katimbang rekore sing paling apik.
Bolt menangi nomer 200 meter kang digelar Senin (29/6/2009) kepungkur kanthi cathethan wektu 20,25 dhetik utawa meh sadhetik saka cathethan wektune yakuwi 19,30 dhetik. Cathethan kang mesisan rekor dunia iki diukir Bolt ing Olimpiade 2008.
“Yen ndeleng marang asil ing Olimpiade, mula kena diarani aku lagi ngalami kemunduran sithik” ujare Bolt anyel.122218
“Aku rada anyel merga aku ora jroning kahanan performa kang paling apik. Nanging sacara umum aku isih apik-apik wae” ujare priya umur 22 taun mau.
Usain Bolt pancen nduweni ambisi dadi sawijining legenda. Rekor dunia lan rekor Olimpiade kanggo nomer lari 100 lan 200 meter putra diregem atas namane sarta uga bebarengan tim Jamaika nduweni cathethan terbaik ing nomer 4 x 100 meter.
Nanging, Bolt ora pengin mandheg kanggo nyathet rekor-rekor anyar.

“Dak kira aku bisa luwih cepet. Mbokmenawa 9,5 utawa 9,4 dhetik (rekor lari 100 meter, red). Nanging rumangsaku rekor dunia bakal mandheg ing angka 9,4 dhetik” imbuhe Bolt.
“Aku pengin dadi legenda ing olahraga iki. Aku mung pengin kompetisi ing level paling dhuwur” kandhane maneh.
Kesempatan kanggo mawujudake ambisi ksb bakal dibuktekake Agustus mengko, ing kajuwaran donya kang digelar ing Berlin, Jerman. Pelari kanthi julukan “Lightning Bolt” iki bakal oleh saingan saka sprinter liya kayadene Dwain Chambers (Inggris), Tyson Gay (AS) utawa malah kanca sanegarane dhewe Asafa-Powell.
Bolt ngaku ora kuwatir marang atlet kang mbokmenawa bisa njegal langkahe iku.

“Aku ora wedi karo sapa wae. Siji-sijine sing tak wedeni yakuwi lara!” jlentrehe pelari umur 22 taun iku.
(d)

Leave a comment