Jaka Lola lan Jim Alas

Jaman mbiyen ana sawijining bocah lanang yatim aran Jaka Lola. Dheweke urip ing desa karo simboke sing buruh tani. Sakbendina penggaweane mbebedhag alas golek kayu, banjur didol ing pasar. Dhuwit olehe adol kayu mau dienggo tuku kabutuhan omah sakbendinane. “Ee… etung-etung isa ngenthengake rekasane simbok sing wis tuwa,” mangkono pamikire.

Jaka Lola kawit cilik dhuweni cacad amarga lelara. Yaiku ing ngisor pipine sisih kiwa ana daging sing methungul gedhene sak kepelan tangane wong dewasa utawa asring kasebut lara gondhongen. Wis  bola-bali olehe nambakake  ing  ngendi-endi paran, nanging gondhonge iku tetep ora bisa waras. Panyebabe  mung sepele, mbiyene maeme Jaka lola kekurangan zat yodium.

Mula akeh bocah-bocah desa sing padha ngece, nanging Jaka Lola sing pancen bocah becik aten-atenane mung mesem ngguyu diece kaya ngono. Malah dheweke kerep aweh pitulungan marang wong-wong sing padha ngece mau, mula ya akeh wong sing padha seneng marang Jaka Lola.

Sawijining dina, Jaka Lola  golek kayu mlebu ing tengah alas. Amarga saking sengkude nyambut gawe, dheweke ora sadhar yen dinane wis gumanti angslup sore candhik ala. Kahanan kang maune padhang saiki malih remeng-remeng ireng, malah kepara petheng ndhedhet. Jaka Lola bingung amarga ora bisa nemokake dalan bali mulih ing desane. Kapeksane dheweke nginep ing tengah alas iku. Jaka Lola meruhi ana wit randu alas kang growong tengahe.

“Wah, kabeneran,” mangkono gremenge Jaka Lola sinambi mlebu randhu growong  iku banjur ngaso leyeh-leyeh ing njero wit randhu. Suasana ing tengah alas wengi iku saya sepi tur tintrim. Mung keprungu swarane sato kewan galak lan jangkrik ngerik. Lamat-lamat uga keprungu swara mbaunge asu ajag saka kadohan kang saya gawe mirise ati. Mak prinding… wulu githoke uga melu ngadeg kabeh. Jaka Lola kang kaweden kijenan ing tengah alas mau banjur tetembangan rengeng-rengeng kanggo ngilangi rasa wedine mau. Swarane empuk kepenak ngalun-alun, gawe sengsem atine sapa wae sing ngrungokake.

Ora watara suwe, ana sak rombongan jim padha teka dampyah-dampyah  nggoleki sumbere swara tetembangan saka Jaka Lola. Salah sawijinging jim iku ana sing meruhi gondhong gedhe sing gumandul ing gulune Jaka Lola. Banjur dheweke lan kanca-kanca jim liyane padha ngrerepa ngrayu Jaka Lola supaya gelema ngedol gondhonge iku, awit jim-jim iku ngira yen gondhong iku sing bisa tetembangan kanthi swara kang apik nengsemake mau.

“Ayo cah bagus! Dolen ya barangmu kuwi?” ujare jim sing gedhe dhewe.

“Wadhuh, nuwunsewu. Kula mboten saged maringaken. Awit menika saestunipun penyakit gondhong, sanes barang ingkang saged nyuwantun tetembangan sae,” wangsulane Jaka Lola blaka  kanthi kamigilen.

“Wis ta! Iki tak ijoli watu inten lan mas saloka. Wenehke barangmu iku ya cah bagus? Aku sakbrayat wus kepranan tenan keprungu tembang-tembangmu mau,” rerepane jin sing paling dhuwur dhewe dedeg piyadhege sinambi nguncalake sak kantong watu inten lan mas saloka.

Jim-jim iku terus ngrerepa Jaka Lola supaya gelem ngedol gondhonge, nanging Jaka Lola tetep nolak lan njelasake yen gondhonge iku ora bisa tetembangan. Nanging jim-jim iku ora percaya apa kandhane Jaka Lola. Amarga wis ora sranta, jim-jim iku nyaut gondhonge Jaka Lola kanthi roda peksa, banjur  digawa mlayu nggendring sinambi jejogedan.

Dina esuke sumebar pawarta ngenani Jaka Lola kang malih sugih ndhadhak amarga gondhonge dituku bangsa jim diijoli watu inten lan mas saloka.

Ing tangga desane, ana wong cethil lan srakah sing uga duweni gondhong gedhe ing gulune kaya si Jaka Lola mbiyen. Keprungu pawartane Jaka Lola kaya ngono mau, wong srakah iku kepengin sugih lan pengin mbuwang gondhonge sing wis mataun-taun gumandhul ing gulune. Wong srakah iku banjur budhal menyang tengah alas lan nginep ing njero randhu growong panggonane Jaka Lola mbiyen sinambi ura-ura tetembangan.

Keprungu lamat-lamat swarane tembang, jim-jim sing mbiyen nuku gondhonge Jaka Lola padha jemrunthul nekani wong srakah mau kanthi praupan nesu lan ngegirisi. Jim-jim iku rumangsa kapusan, awit gondhong sing dituku mbiyen jebul ora bisa nyuwara apa-apa. Wong srakah sing ora ngerti mula bukane jim-jim iku  mbesengut nesu, langsung wae nawakake gondhonge.

“Gondhong iki ya bisa nembang, lho!” ujare semu mesem ngarep-arep watu inten lan mas saloka ing pangangen-angene.

Keprungu ujare wong srakah kang kaya mangkana, jim-jim iku sansaya nesu kepati-pati. Jim-jim iku padha nguntapake nesune kanthi naboki lan ndugangi wong srakah amarga wis omong goroh. Kanggo ukumane, jim-jim iku nempelake gondhong sing dituku saka Jaka Lola mbiyen ing gulune wong srakah mau.

“Iki rasakna ukumanku! Wong kok seneng goroh!”

Dadi saiki wong srakah iku nduweni gondhong loro sing gumandhul ing gulune sisih kiwa lan tengen.

“Waduh…!!! Kojur…!!! Kojur…!!! Apes tenan  nasip ingsun…” mangkana panyambate wong srakah ngaru-ara. Cuthel Yogyakarta, 25 Februari 2009 (Endah  Sulistyowati)

Wiji umur 2000 Taun Isih Bisa Thukul

Satleraman, palem kang dhuwure 1,2 meter umur telung taun iki biasa-biasa wae. Nanging, tanduran kang diarani Methuselah iki pranyata dhuwur banget ajine, ora liya merga thukul saka sawijining wiji kang umure wis 2000 taun.
Tanduran iki mbokmenawa nyathet rekor minangka tanduran kang asale saka wiji paling tuwa ing donya. Sebab, tanduran lan wiji paling tuwa sasuwene iki dicekel dening tanduran terate kang asale saka wiji umur 1300 taun.
biji 2000 th2 Trubusane wiwitan muncul taun 2005 saka wiji kang ditemokake ing Israel, persise situs Masada kang dikenal minangka papan pandhelikane wong-wong Yahudi kang milih bunuh diri katimbang ditangkep tentara Romawi. Umur 2000 taun dimangerteni saka asil ngukur radiokarbon.
Sallon, direktur Pusat Riset Kedokteran Alami Louis L. kang naliti wiji mau lagi ngupaya miyak informasi saakeh-akehe ngenani tanduran mau klebu potensi khasiate.
“Salah siji tujuan proyek panaliten kita yakuwi miyak bali manfaat ing mangsa kepungkur nganti nandure saengga duwe pasadyan akeh” ujare Sallon.  Sawijining bab kang durung dingerteni saka tanduran iki yakuwi jinise, lanang apa wadon. Merga pancen, jinis palem-paleman kaya ngene iki biasane lagi bisa dibedakake jinise sawise umur 6-7 taun.
Senajan mangkono, para peneliti wis nyinaoni DNAne tanduran mau. Para ahli gawe kesimpulan yen gen-e mung marisi separo gen palem modern kang isih akeh thukul ing Israel dinane iki.
Sallon ngandhakake isih gedhe pangarep-arep kanggo ngukuhi plasma nutfahe ora mung kanggo sumber pangan nanging uga obat-obatan.  Salah siji program kang dipimpin yakuwi Proyek Tanaman Obat Timur Tengah lagi makarya nandur ing wilayah kang cocok.

Mangkok Mie Paling Cilik sa Donya

Saking cilike, mangkok paling cilik sadonya iki mung bisa dideleng nganggo mikroskop. Mangkok super-cilik iki mujudake salah sijine objek mikrofotografi kang dipamerake ing Jepang during suwe iki.
Mangkok kang wujude kaya wadhah ramen, mie khas Jepang iki, diametere mung saprasepuluh ewu sentimeter. Profesor teknik mesin Masayuki Nakao lan mahasiswane saka Universitas Tokyo nyiptakake mangkok ksb saka material tabung nano karbon, senyawa karbon kang awujud tabung kang kaping 10.000 tipise katimbang rambut.mangkuk mi terkecil
Saliyane mangkoke, Nakao lan mahasiswa-mahasiswane uga nggawe mie-ne pisan saka bahan kang padha. Saben mie mau dawane sapralimangatus centimeter lan kandele sapralimangatus ewu sentimeter. Perangan paling angel jroning nggawe mie mau yakuwi njaga amrih mie-ne ora padha semburat metu.
“Kita yakin iki mangkok ramen paling cilik sadonya, kanthi porsi mie paling sithik ing njerone, senajan ora bisa dipangan” imbuhe Nakao.

Trekahe Nakao satim nggawe mangkok mau pancen mung kanggo seneng-seneng wae, senajan anggone nggawe mbutuhake teknologi canggih.
Tabung nano karbon mujudake material kunci nanoteknologi. Material iki dadi objek utama jroning produk elektronika lan kedokteran merga ukurane kang cilik nanging atos saengga luwih kuwat katimbang waja. (d)

Pelari dunia ora bisa ngladeni ‘CR7’

Atlet lari (pelari) paling banter sadonya, Usain Bolt, ngakoni kehebatan playune gelandhang anyar Real Madrid Cristiano Ronaldo. Malah Bolt ngaku saupama dheweke dadi bek, mula bakal kangelan mburu ‘CR7’.

Bolt pancen sempat nggelar latihan bareng Ronaldo nalika kapten tim nasional Portugal kuwi isih mbela Manchester United. Lan sawise Ronaldo resmi nggabung klawan Madrid, Bolt ngaku dheweke pengin latihan bareng pasukan Los Blancos.

bolt-reutersBolt ngaku dheweke minangka fans duo striker Madrid, Raul Gonzalez lan Ruud van Nistelrooy, saliyane Ronaldo.

“Ronaldo diciptakake kayadene sprinter. Aku jelas bakal ngalami kethetheran ngendhegake playune yen aku dadi sawisijing bek” ujare Bolt marang Realmadrid.com.

Ronaldo resmi dadi pemain Madrid saikine, senajan publikasi resmi Pemain Terbaik Dunia FIFA 2008 mau isih bakal dianakake El Merengus sawenehing dina maneh.

Bolt Ora Marem

Durung suwe iki Usain Bolt kasil menangake kajuwaran nasional, nanging pranyata sprinter Jamaika iki ngaku ora marem. Sebabe ora liya merga cathethan wektu kang diukir adoh luwih rendhet katimbang rekore sing paling apik.
Bolt menangi nomer 200 meter kang digelar Senin (29/6/2009) kepungkur kanthi cathethan wektu 20,25 dhetik utawa meh sadhetik saka cathethan wektune yakuwi 19,30 dhetik. Cathethan kang mesisan rekor dunia iki diukir Bolt ing Olimpiade 2008.
“Yen ndeleng marang asil ing Olimpiade, mula kena diarani aku lagi ngalami kemunduran sithik” ujare Bolt anyel.122218
“Aku rada anyel merga aku ora jroning kahanan performa kang paling apik. Nanging sacara umum aku isih apik-apik wae” ujare priya umur 22 taun mau.
Usain Bolt pancen nduweni ambisi dadi sawijining legenda. Rekor dunia lan rekor Olimpiade kanggo nomer lari 100 lan 200 meter putra diregem atas namane sarta uga bebarengan tim Jamaika nduweni cathethan terbaik ing nomer 4 x 100 meter.
Nanging, Bolt ora pengin mandheg kanggo nyathet rekor-rekor anyar.

“Dak kira aku bisa luwih cepet. Mbokmenawa 9,5 utawa 9,4 dhetik (rekor lari 100 meter, red). Nanging rumangsaku rekor dunia bakal mandheg ing angka 9,4 dhetik” imbuhe Bolt.
“Aku pengin dadi legenda ing olahraga iki. Aku mung pengin kompetisi ing level paling dhuwur” kandhane maneh.
Kesempatan kanggo mawujudake ambisi ksb bakal dibuktekake Agustus mengko, ing kajuwaran donya kang digelar ing Berlin, Jerman. Pelari kanthi julukan “Lightning Bolt” iki bakal oleh saingan saka sprinter liya kayadene Dwain Chambers (Inggris), Tyson Gay (AS) utawa malah kanca sanegarane dhewe Asafa-Powell.
Bolt ngaku ora kuwatir marang atlet kang mbokmenawa bisa njegal langkahe iku.

“Aku ora wedi karo sapa wae. Siji-sijine sing tak wedeni yakuwi lara!” jlentrehe pelari umur 22 taun iku.
(d)

Pawestri kang rejekine Tutut

Pawestri kang rejekine Tutut

K i n a n t h i

1.  Kinanthi jejalu kunjuk

Yèn arsa luru pawèstri

Miliha ingkang pasuryan

Warna dhadhu ingkang kèksi

Ponang otot biru mangkya

Kinarya titikan sugih

2.  Kaping pindho soca kumbul

Kadya tètèsan kang warih

Irengé anjlirit mlaha

Pindha cèt ameles nenggih

Kinarya dadya titikan

Lebda omah-omah yekti

3.  Waja kang amiji timun

Sinawang arintik-rintik

Dadya subur kang kaéntha

Titikan kang kaping katri

Putihé apindha séla

Yèn ngguyu amerak ati

4.  Yèn lagya caturan tuhu

Tan gelem ndeleng lir isin

Klincutan ingkang wadana

Gunemé pedhot rih-arih

Gumuyu ingkang purwaka

Lagya sinambung anenggih

5.  Yèn tindak piyayi iku

Sajak ngujiwat leladi

Kang bisa ndudut kapranan

Tumanduk pyayi puniki

Jumangkah sasolah bawa

Dadya titikan kang ugi

6.  Cihna minangka sad nusul

Yèn jumeneng ngarih arih

Jejengku tinekuk lagya

Kanthi tatas tutus titis

Mencungul ngajeng sinawang

Katon jenjem kang miyarsi

7.  Titikan kang sapta gathuk

Dhemen busana kang apik

Sandhangan dimèn tumata

Mbenerken kang wiron malih

Jangkep yèn nedya winawas

Kang ukel tinata aglis

8.  Minangka hastha sumusul

Kang titikaning pawèstri

Tumungkul ndeleng ing ngarsa

Pindha ngguwak liring kèksi

Datan mlaha yèn sinawang

Pindhané angintip mangkin

9.  Tataran ping nawa gathuk

Kabèh kinarya sembulih

Sukur bagé ketel rikma

Ingkang wonten njeron wadi

Lebda nyimpen kang redana

Sok-sok gawé wirang isin

10.        Kanthi andhap gurit nusul

Pangripta namung leladi

Yèn arsa milih wanita

Kanthi ugeran ing nginggil

Yèn datan sengsem nglegena

Kersaa paring aksami.

(Babon saking Kitab Betaljemur Adammakna)

Pakaryan Padinane Caraka Pos

P u c u n g

1.  Mitra dulur kula badhé atur lipur

Katur ndika samya

Sutresna budaya Jawi

Midhangetna kanthi sukaning wardaya

2.  Caraka Pos anggarap pakaryanipun

Ngopèni nawala

Mider kutha saben ari

Tanpa kemba ngayahi tugas negara

3.  Ésuk-ésuk mbukak bèndhelan      trus lungguh

Anjingglengi layang

Dipilah pilih dèn titi

Mbaka siji diwaca kanthi terwaca

4.  Layang wau dèn sortir tinata urut

Manut klompokira

Dimèn gampang nggènnya ngirim

Tinalènan, ingedum pinantha pantha

5.  Yèn wus rampung banjur budhal kluyur-kluyur

Anumpak sepédha

Myang alamat siji-siji

Ati seneng, awak kesel tan dèn rasa

6.  Kadhang kala ngebal-ngebèl ra disaut

Lawangé tutupan

Takon tangga kanan-kéring

Awak sial, tanggané gèk padha lunga

7.  Tambah bingung, blusukan sajroning kampung

Takon mrana-mrana

Nanging ora diwangsuli

Tiwas-tuwas layang ora bisa tekan

8.  Mula dulur, yèn nulis aja sok ngawur

Alamat sing lengkap

Aja waton angger nulis

Surat bali, warta tan tekan panggonan

9.  Lamun nulis alamat jangkep lan  runtut

Sa-Kodhe Pos-ira

Layang bakal tekan, mesthi

Si pengirim lan kang nampa samya suka

10.        Panas udan, ora sambat ora nggersuh

Mongkog jroning nala

Dadi abdining negari

Ati seneng, urip tentrem, ngrasa mulya

Robot pinter mencolot kaya Walang

Lincah kaya walang, robot cilik kang diciptakake para peneliti Swiss iki bisa mencolot kang adohe kaping 27 dawane awake. Robot iki dawane mung 3 cm lan bobote mung 7 gram, kanthi mangkono dheweke bisa mencolot kurang luwih sakmeter adohe. Robot iki migunani banget kanggo survey ing lokasi-lokasi kang ora bisa ditindakake dening robot mawa rodha utawa mawa sikil.
“Sengaja kita ciptakake amrih bisa mencolot kayadene walang” ujare Mirko Kovac, saka Laboratorium Sistem Intelegensia Politeknik Federal Ecole Lausanne (EPFL) Swiss. Kanggo ngasilake pencolotan kang hebat, Kovac lan time pancen niru desain sistem biomekanika walang gurun. Para ahli manfaatake teknik nyimpen energi kang ditindakake tuma, walang apadene kodhok.
robot belalangEnergi mau disimpen migunakake batrei ukuran mini lan nalika ngumpul tumekaning puncake bakal ngobahake motor lan ngeculake pir cacah loro saengga ngasilake tenaga mencolot kang kuwat banget. Mung jroning wektu 3 menit ngisi energi, robot iki bisa mencolot kaping 320.
“Colotan biomimetik kaya ngene iki unik banget merga bisa dipigunakake robot ukuran cilik kanggo obah menyang maneka jinis palemahan kang ora bisa diambah robot mawa sikil utawa rodha” ujare peneliti liyane Dario Floreano. Dheweke nambahake, mengkone robot iki bisa wae dipepaki sel surya saengga proses ngisi energi bisa lumaku terus.
Asil panaliten iki wis dipresentasekake ing Konferensi Internasional IEEE (International of Electrical lan Electronics Engineers) ing Pasadena, California, AS, sawenehing wektu kepungkur. Robot kaya ngene iki narik kawigatene para peneliti robot ing saindenging jagad merga nduweni manfaat kanggo ngeksplorasi daerah-daerah kang angel diambah, apakuwi ing bumi apadene ing planet-planet liyane.

Helikopter paling cilik mabur ing Vinci

Sawijining inventor asal Jepang mentas iki mamerake helikopter paling cilik sadonya ing kutha kelairane Leonardo da Vinci. Demonstrasi ksb mujudake wujud pakurmatan marang ide jenius tokoh zaman Renaiisance mau.
Gennai Tanagasiwa (75) ngaburake dhewe helikopter gaweyane mau suwene 10 menit ing kutha Vinci. Helikopter kang diwenehi jeneng GEN H-4 ksb didesain kanggo mabur solo kanthi dipepaki kursi siji, rotor, pedhal lan stir. Mesine kang cacah papat sanggup ngaburake helikopter iki suwene 30 menit kang bantere 90 kilometer perjam.
GEN H-4 dudu barang anyar, lan diciptakake Yanagasiwa nalika taun 1990-an. Kanthi bobot 82,5 kilogram lan dawane rotor 3,9 meter, helikopter iki isih kacathet minangka helikopter paling cilik lan paling entheng sadonya dening Buku Rekor Guiness.

Helikopter paling cilik adonya, GEN H-4, rancangan Gen Corporation.

Helikopter paling cilik adonya, GEN H-4, rancangan Gen Corporation.

“Konsep helikopterku asale saka Itali lan aku tansah pengin ngaburake ing kutha kelairane da Vinci” ujare priya kang mbangun bengkele ing Matsumoto, Jepang ksb. Ide da Vinci kang dikarepake yakuwi ‘aerial screw’ kang digawe taun 1480-an. Manut Museum Nasional Sains lan Teknologi Itali, desain Leonardo da Vinci mujudake konsep kendaraan kang bisa mabur pisanan ing donya.
Senajan bisa mabur engga dhuwure 165 meter, Yanagasiwa mung ngaburake 5 meter dhuwure, bab iki amrih bisa dideleng kanthi trawaca dening masyarakat.
“Dak ajab sawijining dina mengko heli iki bisa dadi barang lumrah kayadene motor skuter” imbuhe Yanagasiwa.

Sajege dikenalake marang masyarakat, helikopter iki wis payu limang unit ing Jepang lan rong unit ing AS. Regane kurang luwih 57.140 dollar AS utawa kira-kira Rp 540 yutanan.

Tour de France; Armstrong Nyebar Inciman

Etape kapapat Tour de France dimenangake dening Mark Cavendish, lan jaket kuning isih dikuasani dening Fabian Cancellara. Nanging kang dadi sorotan yakuwi Lance Armstrong kang bisa mencolot saka posisi ka-10 menyang posisi 3 ing klasemen pembalap. Lance Armstrong ora mung dadi sorotan nanging malah kudu diwaspadani dening para peserta Tour de France taun iki. Ing etape kapapat mau Armstrong meh wae ngrebut jaket kuning saka tangane Fabian Cancellara.
ArmstongCancellaraR Etape kapapat kang dianakake Selasa kepungkur (7/7/2009) nggelar lomba jinis Team Time Trial (TTT) kang adohe 38 kilometer ngubengi kutha Montpellier. Iki mujudake etape TTT pisanan ing TdF sajege taun 2005.
Fabian Cancellara sukses ngukuhi jaket kuning suwene telung dina terus-terusan.
Armstrong dhewe bisa finis mung 40 dhetik samburine Cancellara.

Saliyane ngunggahake posisine menyang urutan telu klasemen sementara sangisore Cancellara lan Tony Martin, Armstrong mesthi wae nduweni kalodhangan gedhe nggondhol jaket kuning ing etape kalima lan sateruse.

“Aja tau kandha mustahil” ujare Armstrong marang Reuters.
Etape kalima nempuh jarak 197 km saka Le Cap d’Agde menyang Perpignan.
Etape kalima ksb bakal dianakake ing trek rata kanthi akeh dalan lurus. Nanging kencenge angin saka Pagunungan Pirenea bakal akeh ngganggu pembalap.
Yen kasil nggondhol jaket kuning, mula iki bakal dadi prastawa kang kawitan kanggone Armstrong sajege kemenangane ing Tour de France taun 2005 ndhisik.

Larangan Alat Komunikasi

Sauntara kuwi para pembalap padha nyecamah keputusan panitia Tour de France kang nglarang migunakake piranti radio lan ear-phone minangka alat komunikasi kanggo rong etape.
“Geneya ora dilarang nganggo helm lan rem pisan jroning rong dina kuwi?” grundele pembalap Jerman Jens Voigt kaya kang dikandhakake marang Reuters.
Larangan migunakake alat komunikasi ksb dicakake kanggo etape 10 lan 13 mengko. Manut panitia, iki ditindakake amrih para atlet bisa gawe taktik dhewe tanpa nunggu instruksi saka tim-e.
Kawicaksanan iku wis disetujoni badan balap sepeda internasional, Union Cycliste Internationale (UCI), adhedhasar kritikan pembalap-pembalap jaman ndhisik. Para pembalap nganggep balapan Tour de France gampang dinuga asile, lan para kontestan kelangan tegese taktik lan strategi.
Nanging sawenehing pembalap merkarakake aspek keamanan saka larangan alat komunikasi mau. Sasuwene iki mung saka tim wae para pembalap bisa oleh pesen anane bebaya kayadene tabrakan, oli kececeran ing dalan, demonstrasi lan sapanunggalane.
“Iki sawijining resiko kang gedhe banget lan aku ngajab banget iki ora bakal kedadeyan” ujare direktur tim Saxo Bank, Bjarne Riis.

“Kita mesthine urip ing jaman kita dhewe”
“Yen kita mbalik menyang jaman sadurunge ana radio, mula kita kudu miwiti klawan jersey saka bahan wol lan akeh ban ing sakupenge gulu kita, kaya jaman ndhisik!” kandhane juara kaping pitu Lance Armstrong.
Dene pembalap top Prancis Sylvain Chavanel aweh komentar kang “netral”. “50-50. Mbokmenawa luwih oke kanggo sawijining tontonan, nanging ora pati cocok kanggo keamanan” kandhane.(d)

Wichita Satari ; Syuting nyebabake Insomnia

Rupane kang manis saikine saya dikenal ing jagading hiburan minangka pemain film, senajan sinetron lan FTV luwih nguwasani karire. Wichita Satari, cewek kelairan 1 Agustus 1985 iki miwiti karire minangka Finalis Gadis Sampul taun 2000. Film pisanane Ada Hantu di Sekolah disutradarani dening Nayato Fio Nuala.
Wichita Satari2Senajan ora tau sekolah akting, nanging karire saya manteb  wae ing jagading seni peran. Kabukten sawenehing lakon dipercayakake marang dheweke kayadene ing film Ada Kamu Aku Ada lan film paling anyar Virgin 2 : Bukan Film Porno.

Film, FTV, Model.

Nalika ditakoni pilih endi antarane main film, tv lan dadi model, cewek kang pengin kuliah taun ngarep iki njawab, “Satemene model enjoy banget, kari nggaya, difoto langsung rampung, nanging ra ana tantangane. Yen FTV mujudake proses kita latihan lan ngembangake dhiri amrih luwih siap nalika main film.”

Saiki sedina-dinane Wichita Satari kang duwe hobi mlaku-mlaku, nonton, maca buku lan nggambar iki kerep digawe repot dening kegiatan syuting. Manut Wichita syuting mujudake pakaryan kang nyenengake. Merga bisa ketemu wong anyar, pengalaman anyar lan bisa dadi wong liya mujudake bab kang ditampa nalika syuting.

Pengalaman kang beda dialami nalika syuting Film Ada Hantu di Sekolah, yakuwi jam syutinge kuwalik. Cewek kang dhuwure 165 kanthi bobot 48 kg iki kandha syutinge diwiwiti tengah wengi lan lagi rampung jam 7 utawa 8 esuk. Insomnia sakala wae namani dheweke. Suwene 2 minggu dheweke lagi bisa turu jam 6 esuk. Senajan dheweke ngakoni yen syuting ksb akeh nguras tenaga nanging anak mbarep saka sedulur loro putrid Bp Dana Rixky lan Ibu Dwie Karyati iki ngaku tetep seneng merga anane anggota tim kang uga nyenengake. (d)

Wayang Radya Pustaka Diisis

Wayang kulit purwa lan gedhog cakrik Surakarta lan Medura koleksine Museum Radyapustaka, Sala, dina Setu esuk pungkasan sasi Mei kepungkur kelakon diwetokake saka njeron lemari kaca panyimpenane saperlu diisis lan diupakara. Mbarengi kuwi ing plataran sangarepe museum digelar wayang kulit dening Ki Dewoso dhalang nom-noman asal Wedhi, Klaten, mbabar lakon Sesaji Rajasuya.

Ora lidok, kombinasi antarane ngisis wayang lan pakeliran mau kuwawa dadi tontonan kang narik kawigatene masyarakat. Dhasar wis suwe – embuh pirang puluh taun – ora metu saka wadhahe, lumrah menawa akeh warganing kutha Sala merlokake teka butuh ngematake wayang kulit sarta gedhog tuwa gaweyan abad 19 tengahan ing jamane Sinuhun Pakoe Boewono X kasebut. Museum Radyapustaka kang padatan sepi dina kuwi malih regeng.

“Aku ora ngerti apa sakehing wayang iki biyen uga nate diisis dening pengurus lawas,” kandhane Djaka Darjata, Sekretaris Komite Radya-pustaka. Krana kuwi bebadan komite pengurus Museum Radyapustaka kang saiki ngrasa perlu nindakake luwih permati pangupakaraning wayang kanthi cara diisis, kang kudune dicakake saben selapan sepisan.

Manut rencana, gunggung watara 189 wayang kulit sing sasuwene iki disimping ana lemari kaca cacah lima bakale diisis. Saka cacah semono mau minangka kegiatan kawitan, dina Setu kepungkur nembe keconggah diwetokake 44 wayang gedhog cakrik Surakarta lan Madura sarta 42 wayang kulit purwa Surakartanan. Jenenge wae diisis, mula wayang-wayang kasebut mung ditata jejer-jejer digandhulake kawat entuk cagakan ing emperan museum kang eyub. “Yen dipe ana njaba wayange malah dadi rusak, mlengkung kena panase srengenge,” pratelane Winarsa Kalingga, Ketua Komite Radyapustaka marang Panyebar Semangat.

Pangupakarane wayang katindakake tenaga mumpuni, ing antarane saweneh dhalang saka Dinas Kebudayaan dan Pariwisata kabiyantu perajin wayang kulit asli Sala.

Wayang Purwa lan gedhog cakrik Surakarta sarta Madura gaweyan tengahan abad 19 koleksine Radyapustaka lagi diisis

Wayang Purwa lan gedhog cakrik Surakarta sarta Madura gaweyan tengahan abad 19 koleksine Radyapustaka lagi diisis

Mbaka siji wayang ditintingi, lan sawetara perlu dibenakake. Gapite sing wis kendho utawa udhar ditaleni maneh nggunakake benang. Ing kono banjur dikonangi ana wayang cacah wolu sing nyujanani.

Wayang palsu?

Wayang lawas werna sunggingan emase kena dipesthekake nganggo prada.

Nanging ana wolu ing antarane, dumadi Sembadra (cacah loro), Kunthi (loro), Banowati, Sinta, Srikandhi lan Pergiwati migunakake brom biyasa. “Iki genah wayang gaweyan saiki – watara 1980an – setengah abad sasurute PB X,” aloke Sutardi, perajin wayang kang mbiyantu ngisis.

Nanggapi bab kasebut Djaka Darjata durung bisa aweh kesimpulan palsu orane wayang-wayang kasebut. “Komite Radyapustaka wektu nampa ya wis mengkono mau. Nanging paling ora bakal dadi cathetan lan bahan palaporan marang Walikota Sala,” ucape.

Ora mung kuwi. Winarsa Kalingga, Ketua Komite, kepara krungu kabar anyar kang ora kalah ngagetake. “Jare, akeh pusaka sing dipajang ing museum iki uga wis dudu asline maneh,” kandhane.  Yen kabeh panduga mau bener panjenengane ngaku prihatin banget. Awit, sasuwene dicekel pengurus lawas Radyapustaka kaya-kaya dadi susuhe tumindak culika.

Biyen reca koleksine museum kasebut nate dipalsu. Perkarane kelakon munggah menyang pengadilan, lan komplotan pelakune wis kapatrapan pidana kunjara. Kasusul sawetara reca perunggu uga digawe tiron sarta ilange puluhan naskah saka perpustakaan. Saiki ana wayang lan pusaka kang dinuga palsu.

Kanggo mbalekake jenenge Radyapustaka amrih ora terus kucem, Winarsa Kalingga sakanca wis ngupadi kanthi maneka cara. Ing antarane nggelar pakeliran mbarengi adicara ngisis wayang. “Pamrihe apa wae kang ditindakake Komite Radyapustaka dimangerteni dening umum, saengga masyarakat bali percaya marang Museum Radyapustaka,” jlentrehe. (Pakne Puri)

Mantu Lucu; Tendhane Kebanjiran, Mantene Ngalih

Kedadeyane wis rong wulanan, sedulur ipeku, ya besan yayuke penulis “Pedhalangan PS” – Bapak Sriyono R. Jakarta Selatan, mantu putrine sing mung siji ndhil. Lucu banget, durung ana kedade-yan sing kaya mengkono kuwi sakdurunge. Ora lucu dandanane manten, utawa dhayohe sing nganeh-anehi, nanging jalaran banjir sing “ngrusak” rencana.

Kaya padate akeh wong sing arep mantu, tata-tata apa wae sing dadi keper­luan ewuh. Keluwarga Bapak Sari Daut dalah Ibu Nasih (bapa-ibune Eka Mulyasari, calon penganten wanita) sing dedalem ing Desa Karang Mulya, Kota Tangerang, Banten iki, duwe gawe. Dina kuwi wiwit esok nganti jam 11 bengi bebenah kanggo persiyapan sesuk ijabe Eka putrine. Sembarang kalir suguhan tamu nganti hidhangan dhahar para uleman uga disiapake wiwit bengi kuwi. Ya lumayan akeh persiapane, amarga ora kurang saka 1.000 (sewu) undangan wis di-sebar. Semono uga tratake (tendha) sing kanthi sewan pitung yuta kuwi kudu ram­pung. Wis masa borong carane sing duwe sewan tendha, pokoke tibane gawe ram­pung.

Udan “Edan”

Diugemi akeh wong menawa wis telung ndina iki hawane ungkep, sumuk, lan panase banter. Kabeh uga wis mbatang yen kahanan kaya ngono mau arep udan. Udan mono anu­grahing Kang Maha Asih. Berkah, kandhane wong kang wicaksana. Nanging udan bengi kuwi jan ora dinuga babar blas; deres tan rada suwe. Jam setengah siji bengi tlethik saya deres nganti jam lima esuk ora terang blas. Pas tenan, trepe jam telu parak esuk kahanan daleme Bapak Sari Daud dadi ler-leran banyu udan. ”Udan edan … “ gune-me wong-wong sing padha angkat-angkat samubarang ing kana amrih ora kena banyu udan mau. Wis pokoke sing ditata dhanik-dhanik wiwit esuk nganti esuk maneh kuwi kaclup banyu kabeh. Ana paribasan, “Kerja sedina sewingi bubrah dening udan sejam,” ya kaya ngono kuwi.

Dhapur (pawon) sing kanggo masak banyune sakempol. Njero omah uga wis klebon banyu. Barang-barang kayata lemari, kulkas, amben, lan sapanunggalane kapeksa dijarna teles, amarga ora ana maneh nggon kanggo mindhahi. Yen ing njero omah wae sakempol banyune, apamaneh ing njaba/latar saya jero banyune. Tendha sing amba-ne pitung meter lan dawane 16 meter iki wis kelep. Kahanan kaya ngono kuwi dien-teni nganti wayahe ijab, banyu ora surut ma-lah tambah dhuwur. Batal ijab? Batal ewuh? Ngudurake tetamu sing arep rawuh? Apa tetep nampa tamu ing tengah-tengah banjir?

Manten Ngalih Nggon

Musyawarah keluwarga terus diupayaka-ke. Akeh pitudhuh sing mlebu kanggo ngu-dhari “keruwetan” iki. Ana “dua kubu” sing menehi kawicaksanan : saka pihak Bapak Sari Daud lan kubu saka pihak Ibu Nasih. Saka pihak Bapak Sari, ana nggon anyar, yakuwi ngalih menyang pekarangan Bapak Daud Miung (bapane Bapak Sari) let-e mung 25 meter saka daleme Bapak Sari sing ke-banjiran, nanging kudu mindhahi tanduran sing ana kono lan ngelih/mindhah tendha sing uga wis rampung dipasang. Ditakokake marang “petugas” tendha; ora sanggup!

Dene saka kubu” Ibu Nasih, nyumadyani panggonan temanten lan tekane para undangan. Panggonan iki arupa sekolahan yen dideleng saka ukurane ya turah amba. Nanging panggonan iki rada adoh saka dale-me Bapak Sari sing nduwe khajad ; udakara 400 meter, nanjak, ngliwati dalan gedhe, lan liya desa, ya kuwi ing Desa Karang Tengah. Kajaba kuwi, masakan sing wis mateng di-olah, piring, banyu unjukan, lan alat-alat liyane kudu diangkut karo mobil. Cara iki pranyata disarujuki dening “kubu” Bapak Sari lan “petugas-petugas” liyane. Mung tratag kanggo hiburan orkes dhangdhut ora di-pindhah menyang cedhake resepsi pernikah-an. Panggung iki tetep dipasang ing sa-cedhake tendha penganten.

Ora nunggu kesuwen, wektu kuwi ‘uga (jam 7.00 esuk) calon manten lan kabeh ke-butuhan manten diangkut mobil “bak ter-buka”. Sekolah ing gedhung kuwi banjur di-ulihake luwih awal. Mobil armadha terus wira-wiri angkut-angkut : calon mantene, masakane, peralatan dhapur kayata kompor gas, lan sebagiyan kembang manten ditata anyar ing sekolahan “Nurul Hasanah” iki. Kelas-kelas sing maune kebak meja-kursi kuwi, “ditenagani” supaya dadi aula pesta perkawinan. Kanggo masak prasmanan, ing omahe penulis sing cedhak saka sekolahan iku.

Ing mushalla “Nurul Yaqin” (cedhak panggonan resepsi), acara pernikahan      suci Eka Mulyasari dalah Setyawan Rohadi (putrane Bapak Hadi Suwito/Kangmas ipene Bapak Sriyono R.) ka-leksanan.

Maghrib Manten Mulih

Resepsi saka jam 10 esok nganti jam 6 sore lumaku apik lan lancar. Uleman sing rawuh wis padha pirsa menawa panggonane ngalih, amarga ing daleme Bapak Sari sing asli ana sing. Nanging ya akeh sing keblasuk menyang omah asline Bapak Sari, amarga ing papan kono ana ramen-ramen arupa ndhangdhutan sing suwarane banter banget. Saka sakehe para uleman, akeh uga sing menehi komentar ; “Mantu lucu … lucu … lucu!” Lha wong mantene karo tanggapane (hiburan dhangdhut mau) let-e adoh banget, ora ketok goyang artise lan ora krungu merdu suwarane.

MANTEN LUCU - Iki lho mantene. Saka tengen, Bapak Ibu Sriyono R. manten putri Eka Mulyasari, manten kakung Setyawan Rohadi lan putra-putrane Bapak Sriyono R. (Foto: dok Keluwarga)

MANTEN LUCU - Iki lho mantene. Saka tengen, Bapak Ibu Sriyono R. manten putri Eka Mulyasari, manten kakung Setyawan Rohadi lan putra-putrane Bapak Sriyono R. (Foto: dok Keluwarga)

Jam 4 sore ana kabar saka daleme Bapak Sari menawa banyune wis surut. Wis asat! Meneng-meneng simbah kakunge manten putri – Bapak Daud Miung – dhawuh marang putra-putrane lan tangga teparo kana supaya ngresiki omah lan tendhane Sari. Sejam resik’ Jogan omah wis garing, jogan tendha sing isih blekok/jeblok kuwi digolekne serutan (grajen) amrih ora jeblok/mblekuk (becek). Oleh serutan rong kol/mobil. Rampung uga tendha diresiki! Wektu setengah enem sore (arep Maghrib).

Bar Maghrib tamu mbludak, amarga sedina mau mendhung mbliyut arep udan kae. Mbludage tamu tumuju ing daleme Pak Sari. Penulis uga ngreka daya dina Rebo kuwi supaya udan ora didhunke ing Desa Karang Tengah lan Karang Mulya. Sakisaku, maca “Bissmillah … “ sapu lidhi tak tuncepi lombok abang karo brambang lan tak walik ing tengahing latar, Alhamdulillah … udan ora medhun nganti bengine. Tamu-tamu sing rawuh ing daleme manten, dianggreg dening Bapak Daud Miung (Simbah Kakunge manten putri), “Wis dha nunggua neng kene wae, mantene tak papake kon mulih,” mengkono kandhane Pak Daud Miung marang para uleman sing rawuh. Mung nganggo ageman sing nemplek – ora salin maneh – amarga bar resik-resik omah kebanjiran, agemane mung kaos kotangan/singlet – Ki Daud Miung terus mlaku mapak putune diajak bali.

Mesthi wae ing panggonane manten kono wong-wong padha klesik-klesik, “Sapa ta sesepuh kuwi?” Ana sing durung pirsa nek kuwi simbah kakunge Eka.

Ing panggonan manten kono uga tamu lagi akeh-akehe, ora gampang mboyong manten lan wong tuwane sakloron menyang omahe dhewe. Kamangka uleman sing dikon nunggu ing daleme Pak Sari akeh banget. Rumangsa kesuwen nunggu tekane manten lan bapa-ibune manten, mula padha budhal menyang panggonane manten. Mlaku bareng udakara wong seketan. Hirid- hiridan kaya semut kae! Rada suwe uga mlaku 400 meter, apamaneh mlakune wong arep resepsi, alon banget. Lagi setengah mlaku (teka tengah ndalan) manten lan Bapak Sari kekalih uga wis bali kondur ngagem mobi. Uleman sing padha mlaku mau mesthi wae ora pirsa menawa mantene sabrayat wis mulih .

Tekan panggonan manten ya dha kecelik, “Lucu, lucu … lucu … mantu lucu… “ mengkono dha celathu. Aku sing dadi among tamu ya mung bisa ngguyu. “Lha iki balik rana maneh?” ngono pitakone sawijining tamu marang aku. “Lha iya ta, lha amplope arep mbok serahne sapa?” jawabku karo gumuyu, lucu! (Drs. Suyatno)

Sukses Amarga Empon-empon

Sapa sing ora kenal karo tanduran empon-empon, kabeh mesthi pada wanuh jalaran meh saben omah cepak empon-empon. Empon-empon gedhe manfaate tumrap kesarasane awak, wektu iki akeh sing migunakake upamane kanggo ngganti pengobatan medis, karana obat-obatan saiki regane tansaya nekek gulu sarta kanggo bahan campuran kosmetik. Lan peluang apik tumrap kasiat empon-empon sarta akeh dibutuhake masyarakat antuk tanggapan serius tumrap Ibu Arbangiatun (56) warga dusun Gronggong, Kecamatan Jogorogo, kabupaten Ngawi.

Kawitane taun 2001 Ibu kang wis pe-putra telu kuwi bukak kios jamu tradhi-sionil kang nyedhiakake sawernane jenis empon-empon kayata kunir, jahe, temu-lawak lan liya liyane. Sepisanan pancen kurang antuk tanggapan saka masyara-kat, nanging sawise mrodhuksi minuman instan arupa jus buah mengkudu, apel, blimbing, bawang putih, seledri, nanas, anggur, buah naga lan jus buah liyane, kiose Arbangiatun dadi rame.

Gudhang empon-empon.

Gudhang empon-empon.

Jus instan kanthi maneka warna pi-gunane iku laris manis kaya gedhang go-reng lan nganti kewalahen ngladeni pan-jaluke konsumen. Produk unggulan Arba-ngiatun kang saben dinane kabiyantu de-ning Kadarisman (60) kang uga kakunge kuwi, arupa Teh rosela merah kang duwe kasiat ngundhakake kekebalan awak, nor-malake tekanan darah sarta kolesterol. Bisa uga kanggo diet lan nanggulangi asam urat, wektu iki kerep digoleki konsu-men.

Teh rosela merah mau dipak kanthong plastik kanthi ukuran beda-beda sarta di-kemas mawa cap narik ati, dene kemasan cilik dibandrol Rp 10.000 sak pake. Malah Teh rosela ala Arbangiatun wis bisa nembus pasaran ing daerah Ja-karta lan Bogor lan kanggo sawetara Teh rosela mau kakirim lewat kantor pos utawa jasa expedisi titip an kilat. Usahane Arbangiatun tambah bergairah sawise dheweke bisa antuk patner kerjasama karo Perusahaan Kosmetik Nasional saka Jakarta. Wujud kerjasama mau arupa penyediaan empon-empon arupa kunir, temulawak, jahe kanggo bahan cam puran gawe kosmetik.

Miturut Arbangiatun empon-empon asal Ngawi dening perusahaan kosmetik saka Jakarta kabiji apik mutune, mula nganti saprene kerjasama karo perusaha-an kosmetik Jakarta mau isih lumaku lancar. Empon-empon sing dikirim me-nyang Jakarta sethithike 2 – 3 ton sekali kirim, lan saben sasine Arbangiatun bisa kirim kaping pindho.

Wektu iki Arbangiatun ora rumangsa kerepotan nyetok empon-empon, amarga dheweke uga duwe mitra kerja kelompok Tani Desa Hutan ana ing Tawang, Desa Katikan, Kecamamatan Kedunggalar, Ka-bupaten Ngawi. Kelompok Tani kang duwe anggota cacah 115 mau masok empon-empon menyang kiose Arbangiatun kang mapane ana ing sangarepe Mapolsek Jogorogo, arupa empon-empon kang du-rung diirisi. Lagi ana ing gudhange kang gandheng karo kiose, empon-empon mau banjur diirisi manut ukuran kang wis di-temtokake lagi dipepe. Wektu iki cacah tenaga kang mbiyantu Arbangiatun mro-ses empon-empon ana wong lima lan sa-wise garing, empon-empon mau diwa-dhahi karung sarta siap dikirim.

Disenggol bab pepalang kang diadepi wektu iki Arbangiatun walaka manawa salah sijine yaiku bab dana, amarga kanggo nyetok empon empon perlu biaya luwih, apamaneh pihak perusahaan mbayare sa-wise barang dikirim.

“Kaping kalihe alat kanggo motong empon empon,“ tandhese Arbangiatun marang PS.

Arbangiatun dalah garwane

Arbangiatun dalah garwane

Sejatine bab alat mau uga wis nate diusulake nalika Arbangiatun melu sare-sahan Kelompok BATRA (Pengobat Tra-disionil) sing diadani dening Dinas Per-industrian, nanging nganti seprene du-rung ana kabul kawusanane.

Bab kwalitas produksine Arbangiatun bisa ditanggung, jalaran Dinas Kesehatan Kabupaten Ngawi tansah aweh bimbingan sarta pengawasan. Saka usaha empon-empon mau Arbangiatun bisa nguliahke anake loro nganti tamat sarjana dene sing wuragil lagi semester 7 ing salah sijine perguruan tinggi Negeri.

Migatekake kiprahe Arbangiatun, mbok manawa usaha empon empon minangka salah sijine peluang usaha kang wektu iki isih nduweni prospek kang becik kanggo golek pengasilan. Lan usaha empon-empon iki ora kapabawan anane krisis ekonomi global, amarga empon-empon isih akeh kang mbutuhake.  (Yan  Kumala)