” Njareming Pangigit-igit” (11)

sawise ngontrol para karyawan sing nggarap proyek pengolahan limbah, Adi pamit dhireksine. Dina iku dheweke arep nyelakake wektu menyang kantor polisi. Tekan kantor polisi dheweke weruh sepedha montor puluhan jejer-jejer ing plataran. Sawetara polisi padha mriksa nomer rangka lan nomer mesine, dicocogake karo STNK-ne. Kap­ten Polisi Sujarwa wira-wiri ngawasi anak buahe sing padha nindakake pakaryan kuwi. Bareng weruh tekane Adi, dheweke aruh-aruh sinambi mesem.

“Mas Adi ana perlu? Sedhela ya, aku arep ngrampungake gaweyanku iki.

“Mangga, mangga Pak, aku ora ke­susu kok,” wangsulane Adi uga kanthi mesem sumeh.

Wetara seprapat jam, Kapten Polisi Sujarwa nemoni Adi.

“Ayo Mas Adi, ngendikan ana kantorku wae!” pangajake Sujarwa karo ndhisiki njangkah mlebu kantor. Adi ngetutke. Sa­wise mapan lungguh Adi ngrogoh sak, nju­puk rokok diulungake per­wira polisi kuwi. Dheweke uga njupuk sakler. Karo kebal-kebul ngematke rokok, insinyur iku mbukani rembug.

Panjenengan sibuk banget ya, Pak? Kok akeh kendharaan ditahan, apa ken­dharaan colongan?”

Untitled-10.psd“Durung mesthi. Wis sepuluh dina iki, polisi nganakake operasi gedhen-gedhenan. Akeh kendhara­an sing tanpa piranti pengaman, kaca spion, lampu reting, lampu rem, tutup pentil, kothak PPPK, reme ora makan, lan isih akeh kekurangan liyane. Kendharaan-kendharaan kuwi cukup ditilang. Ken­dharaan sing nuwuhake rasa sujana, ke­peksa ditahan. Sawise ditliti, nyatane akeh kendharaan sing nomer rangka lan nomer mesine ora cocog karo nomer sing ka­tulis ana STNK. Bisa uga kuwi kendharaan colongan.”

“STNK-ne saka ngendi?”

“STNK palsu. Pancen saiki komplotan curanmor saya ndadra. Organisasine rapi. Angel dilacak. Saiki bandhit karo po­lisi padha pintere.

“Sing ditahan kok mung kendharaan rodha loro, Pak?”

“Ora, lha kae ing plataran mburi ana telung puluhan kendharaan rodha papat sing ditahan.”

Adi nyawang plataran mburi satleram­an. Dheweke weruh mobil diparkir jentrek-jentrek. Merek lan cete werna-werna. Kendharaan saka dhaerah liya uga akeh.

“Mas Adi mbutuhake bantuwanku?”

“Aku mung arep ngaturi lapuran, STNK-ku sing diasta Dhik Pram wis dipasrahake aku.”

Kapten polisi Sujarwa njomblak, ujare.

“Yen ngono STNK penjengan ana loro?”

“Mula kuwi, Pak, aku uga gumun.”

“Wah, iki mesthi ana bab sing ora beres. Coba, aku ndeleng STNK-ne!”

Sawise nampani STNK, Kapten Polisi Sujarwa ngiling-ilingi STNK kuwi sedhela. Dheweke njur mbukak lemari, njupuk mik­roskop. Nganggo piranti kuwi dhe­weke njingglengi STNK-ne Adi.

Adi maspadakake karo mbatin. “Apa sebabe STNK-ku diliti njlimet kaya ngono? Apa ana sing nyeneh?”

Nalika Kapten Polisi Sujarwa masrah­ake STNK, Adi nampani karo nylemong, mancing supaya perwira polisi kuwi mblakakake asil panalitene.

“Mesthine STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar kae STNK palsu ta, Pak.”

Sing diomongi ora enggal semaur. Malah nyawang Adi kanthi tajem. Insinyur kuwi ora ngira yen omonge ngundang rasa sujana. Dheweke plonga-plongo kaya bocah cilik ndeleng sulapan. Bareng dienteni sawetara suwe Kapten Polisi Sujarwa ora gelem ngandhakake asil pa­nalitene, Adi jur nelakake batine kanhi pitakon.

“Pak, aku gumun, geneya STNK-ku mau penjenengan pirsani nganggo mikroskop?’

“Sapa ngerti yen STNK kuwi palsu.”

“Lho, kok palsu?” pi­takone Adi karo rada mre­kitik atine. Pangirane, Kap­ten Polisi Sujarwa arep golek-golek kesalahane.

“Aja kesusu emosi, Mas Adi. Aku du­rung bisa mesthekake, STNK penjeneng­an kuwi asli apa palsu. Saiki STNK-ne panjenengan asta wae. Yen perlu liya dina aku ngampil, arep dakpriksakake ana laboratorium kriminal Polda.”

“Nanging rak wis cetha, iki STNK-ku dhewe. Mesthi asli. STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar mesthi palsu. Nalare ngono ta, Pak?” pitakone Adi ngeyel.

Kapten Polisi Sujarwa mesem sinis karo mangsuli.

“Sok-sok nalar uga bisa cengkah karo kasunyatan, Mas Adi.”

“Kok ngono, pak?”

“Ngene, Mas Adi, sawise ditliti ana laboratorium Polda, STNK sing tinemu ing cedhak jisime Bu Enggar pranyata asli.”

Adi njomblak.

“Pantes mau Pak Jarwa sajak nyuja­nani aku. Ah, mokal yen STNK sing dipas­rahake Dhik Pram nyang aku palsu. Nanging yen STNK-ku asli, lan STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar uga asli, apa ana STNK loro padha asline? Aku yakin yen STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar mesthi palsu. Dakkira asil panlitene laboratorium Polda kleru,” ngono gagagasane Adi. Nuli ke­susul pitakone Kapten Polisi Sujarwa.

“Tenan, STNK iki penjenengan tampa saka Mas Pramudya?”

“Apa aku goroh?” wangsulane Adi kanthi ati kang isih mangkel.

“Aja salah tampa, Mas Adi. Masalah sing perlu ditlusur, sapa sing nitipake STNK marang Mas Pramudya. Sapa ngerti masalah iku bisa kanggo dalan miyak ka­durjanan ing jalan Tangkubanprau. Eeem … panjenengan pirsa sapa sing nitipake STNK penjenengan marang Mas Pra­mudya?”

“Miturut kandhane Dhik Pram, sing titip STNK iku pesuruh.”

“Pesuruh PT Abhirama mesthine akeh. Sapa jenenge pesuruh sing nitipake STNK?”

“Dhik Pram ora ngandhakake jenenge. Kapan-kapan bisa daktakokake. Apa perlu daktilpune saiki wae, Pak?”

“Aja, luwih becik ditakokake yen pen­jenengan kepethuk Mas Pramudya wae.”

Adi manggut. Dheweke mikir-mikir, apa sebabe perwira polisi kuwi nglarang dheweke nakokake liwat tilpun jenenge pesuruh sing nitipake STNK marang Pra­mudya? Apa kuwatir yen dirungu wong liya? Sawise mikir-mikir sawetara suwene, insinyur kuwi mbacutake lapuran.

“Pak Jarwa, ana masalah liya sing perlu daklapurake penjenengan.”

“Masalah apa?”

“Unit pengolahan limbah PT Abhirama dirusak wong. Anehe, wong sing ngrusak numpak Jimy biru, nomere padha karo nomer mobilku.”

“Lho … iki lelucon apa maneh?” tang­gape Sujarwa karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel. Dheweke mikir-mikir, muter gagasan sawetara suwene. Terus ngetokake notes, ureg-ureg nyatheti lapurane Adi.

“Mas Adi, informasi penjenengan iki penting banget kanggoku. Bisa nambahi keyakinanku yen wektu iki komplotan curanmor ora baen-baen. Aku matur nuwun. Saka sapa penjenengan pirsa yen mobil sing ditumpaki durjana sing ngrusak unit pengolahan limbah nomere padha karo nomer mobil penjenengan?”

“Saka lapurane satpam marang Pak Dhireksi.”

Kapten Polisi Sujarwa manggut-mang­gut. Banjur disambung lapurane Adi ma­neh.

“Aku ngrungu kabar sing uga narik kawigaten, Pak.”

“Nyangkut masalah apa meneh, Mas?”

“Miturut kandhane Dhik Pram, unjuk  rasa ing PT Abhirama sawetara dina ke­pungkur jare ana sing ndhalangi.”

Minangka perwira polisi sing wis pa­ham theg kliwere kadurjanan, Kapten Polisi Sujarwa ketarik banget marang la­purane Adi sing pungkasan mau. Dhe­weke arep miterang maneh, nanging wis kesusul omonge insinyur mudha kuwi.

“Nanging Dhik Pram durung gelem mblakakake sapa sing ndhalangi unjuk rasa.

Bubar ngomong ngono, Adi nuli me­nyat, pamit. Kluntrung-kluntrung mettu saka kantor polisi.Untitled-9b.psd

Ora kaya biyasane, wektu iku Kapten Sujarwa nguntapake tamune tekan dalan, panggonan markir mobile Adi. Sing di­untabake nyetarter mobil karo mesem lan ngumbar gagasan. “Aku ngerti sebabe Pak Jarwa ngeterke aku nganti tekan dalan. Dheweke kepengin nitik mobilku, ke­pengin ndeleng ciri-ciri mobilku. Perlune kanggo nglacak mobil Jimmy sing ditum­paki wong kang ngrusak unit pengolahan limbah. Apa malah dheweke nyujanani aku sing ngrusak unit pengolahan limbah. Utawa saora-orane aku disujanani kong­konan wong supaya ngrusak proyek kuwi, supaya aku nampa order kanggo ndan­dani lan aku entuk kauntungan.”

Rampung nggagas ngono Adi ngegas mobile ninggalke kantor polisi, bablas menyang PT Abhirama.

Tekan kantor PT Abhirama, Adi nyoba ngothak-athik keanehan kang gegayutan karo STNK-ne.

“Yen STNK sing dipasrahake Dhik Pram palsu, kepriye nalare? Saka ngendi dhe­weke entuk STNK palsu? Sengaja yen Dhik Pram nduweni trekah malsu STNK-ku. Lan kepriye nalare STNK-ku sing asli bisa kecekel ing tangane durjana sing merjaya Mbak Enggar? Mokal. Ah, mangsa bodho. Pancen nalare wong kaya aku kang saben dina ngothak-athik ba­bagan teknik beda karo nalare detektif kang saben dina nliti masalah kadurja­nan,” pamupuse batine.

Sapungkure Adi, Pikirane Kapten Su­jarwa uga dikebaki pitakon maneka warna.

“Dakkira ing sajroning batine, Adi karo Pramudya isih ana rasa memungsuhan. Bisa uga Adi kepengin ngrebut Marlia maneh, lan Pramudya kuwatir yen Adi kasil ngrampas atine Marlia. Mula Pra­mudya arep nyilakakake Adi kanthi cara merjaya Enggarningrum, njur STNK-ne Adi dibuwang cedhak jisim. Nanging apa perlune Pramudya masrahake STNK palsu marang Adi? Apa merga STNK-ne Adi sing digawa Pramudya wis konangan Marlia? Njur dheweke nyedhiyakake STNK palsu kanggo jaga-jaga yen Adi nakokake STNK-ne? Nuli ana perkara anyar sing perlu dakslidiki, proyek pengolahan lim­bah dirusak wong sing numpak Jimy biru nomere padha karo nomer mobile Adi. Ana maneh keanehan, apa karepe Pra­mudya ngandhakake yen unjuk rasa karyawan PT Abhirama ana sing ndha­langi, ning dheweke ora gelem mblaka­kake sapa dhalange?”

Pitakon-pitakon kuwi ngreridhu pi­kirane Kapten Sujarwa wiwit saka regol kantor polisi nalika dheweke nguntabake Adi, nganti mlebu kantore. Tekan kantor, dheweke thenger-thenger.

“Ah, mecahake perkara iki persasat ngudhari benang ruwet. Nanging kepriye wae, aku kudu bisa mbengkas perkara iki. Pak Dewanta masrahake kasus iki ma­rang aku. Yen aku ora bisa ngrampungi per­kara iki, bakal nyuda kapercayane Pak Kapolres marang aku.”

Sabubare ngudhal gagasane, Kapten Sujarwa menyat. Dheweke ngungak me­njaba liwat jendhela. Nyawang me­ndhuwur, weruh mendhung iring-iringan ing langit. Suroso, Bc.Hk(Ana candhake)

Leave a comment