Jaka Lola lan Jim Alas

Jaman mbiyen ana sawijining bocah lanang yatim aran Jaka Lola. Dheweke urip ing desa karo simboke sing buruh tani. Sakbendina penggaweane mbebedhag alas golek kayu, banjur didol ing pasar. Dhuwit olehe adol kayu mau dienggo tuku kabutuhan omah sakbendinane. “Ee… etung-etung isa ngenthengake rekasane simbok sing wis tuwa,” mangkono pamikire.

Jaka Lola kawit cilik dhuweni cacad amarga lelara. Yaiku ing ngisor pipine sisih kiwa ana daging sing methungul gedhene sak kepelan tangane wong dewasa utawa asring kasebut lara gondhongen. Wis  bola-bali olehe nambakake  ing  ngendi-endi paran, nanging gondhonge iku tetep ora bisa waras. Panyebabe  mung sepele, mbiyene maeme Jaka lola kekurangan zat yodium.

Mula akeh bocah-bocah desa sing padha ngece, nanging Jaka Lola sing pancen bocah becik aten-atenane mung mesem ngguyu diece kaya ngono. Malah dheweke kerep aweh pitulungan marang wong-wong sing padha ngece mau, mula ya akeh wong sing padha seneng marang Jaka Lola.

Sawijining dina, Jaka Lola  golek kayu mlebu ing tengah alas. Amarga saking sengkude nyambut gawe, dheweke ora sadhar yen dinane wis gumanti angslup sore candhik ala. Kahanan kang maune padhang saiki malih remeng-remeng ireng, malah kepara petheng ndhedhet. Jaka Lola bingung amarga ora bisa nemokake dalan bali mulih ing desane. Kapeksane dheweke nginep ing tengah alas iku. Jaka Lola meruhi ana wit randu alas kang growong tengahe.

“Wah, kabeneran,” mangkono gremenge Jaka Lola sinambi mlebu randhu growong  iku banjur ngaso leyeh-leyeh ing njero wit randhu. Suasana ing tengah alas wengi iku saya sepi tur tintrim. Mung keprungu swarane sato kewan galak lan jangkrik ngerik. Lamat-lamat uga keprungu swara mbaunge asu ajag saka kadohan kang saya gawe mirise ati. Mak prinding… wulu githoke uga melu ngadeg kabeh. Jaka Lola kang kaweden kijenan ing tengah alas mau banjur tetembangan rengeng-rengeng kanggo ngilangi rasa wedine mau. Swarane empuk kepenak ngalun-alun, gawe sengsem atine sapa wae sing ngrungokake.

Ora watara suwe, ana sak rombongan jim padha teka dampyah-dampyah  nggoleki sumbere swara tetembangan saka Jaka Lola. Salah sawijinging jim iku ana sing meruhi gondhong gedhe sing gumandul ing gulune Jaka Lola. Banjur dheweke lan kanca-kanca jim liyane padha ngrerepa ngrayu Jaka Lola supaya gelema ngedol gondhonge iku, awit jim-jim iku ngira yen gondhong iku sing bisa tetembangan kanthi swara kang apik nengsemake mau.

“Ayo cah bagus! Dolen ya barangmu kuwi?” ujare jim sing gedhe dhewe.

“Wadhuh, nuwunsewu. Kula mboten saged maringaken. Awit menika saestunipun penyakit gondhong, sanes barang ingkang saged nyuwantun tetembangan sae,” wangsulane Jaka Lola blaka  kanthi kamigilen.

“Wis ta! Iki tak ijoli watu inten lan mas saloka. Wenehke barangmu iku ya cah bagus? Aku sakbrayat wus kepranan tenan keprungu tembang-tembangmu mau,” rerepane jin sing paling dhuwur dhewe dedeg piyadhege sinambi nguncalake sak kantong watu inten lan mas saloka.

Jim-jim iku terus ngrerepa Jaka Lola supaya gelem ngedol gondhonge, nanging Jaka Lola tetep nolak lan njelasake yen gondhonge iku ora bisa tetembangan. Nanging jim-jim iku ora percaya apa kandhane Jaka Lola. Amarga wis ora sranta, jim-jim iku nyaut gondhonge Jaka Lola kanthi roda peksa, banjur  digawa mlayu nggendring sinambi jejogedan.

Dina esuke sumebar pawarta ngenani Jaka Lola kang malih sugih ndhadhak amarga gondhonge dituku bangsa jim diijoli watu inten lan mas saloka.

Ing tangga desane, ana wong cethil lan srakah sing uga duweni gondhong gedhe ing gulune kaya si Jaka Lola mbiyen. Keprungu pawartane Jaka Lola kaya ngono mau, wong srakah iku kepengin sugih lan pengin mbuwang gondhonge sing wis mataun-taun gumandhul ing gulune. Wong srakah iku banjur budhal menyang tengah alas lan nginep ing njero randhu growong panggonane Jaka Lola mbiyen sinambi ura-ura tetembangan.

Keprungu lamat-lamat swarane tembang, jim-jim sing mbiyen nuku gondhonge Jaka Lola padha jemrunthul nekani wong srakah mau kanthi praupan nesu lan ngegirisi. Jim-jim iku rumangsa kapusan, awit gondhong sing dituku mbiyen jebul ora bisa nyuwara apa-apa. Wong srakah sing ora ngerti mula bukane jim-jim iku  mbesengut nesu, langsung wae nawakake gondhonge.

“Gondhong iki ya bisa nembang, lho!” ujare semu mesem ngarep-arep watu inten lan mas saloka ing pangangen-angene.

Keprungu ujare wong srakah kang kaya mangkana, jim-jim iku sansaya nesu kepati-pati. Jim-jim iku padha nguntapake nesune kanthi naboki lan ndugangi wong srakah amarga wis omong goroh. Kanggo ukumane, jim-jim iku nempelake gondhong sing dituku saka Jaka Lola mbiyen ing gulune wong srakah mau.

“Iki rasakna ukumanku! Wong kok seneng goroh!”

Dadi saiki wong srakah iku nduweni gondhong loro sing gumandhul ing gulune sisih kiwa lan tengen.

“Waduh…!!! Kojur…!!! Kojur…!!! Apes tenan  nasip ingsun…” mangkana panyambate wong srakah ngaru-ara. Cuthel Yogyakarta, 25 Februari 2009 (Endah  Sulistyowati)

Leave a comment