Pawestri kang rejekine Tutut

Pawestri kang rejekine Tutut

K i n a n t h i

1.  Kinanthi jejalu kunjuk

Yèn arsa luru pawèstri

Miliha ingkang pasuryan

Warna dhadhu ingkang kèksi

Ponang otot biru mangkya

Kinarya titikan sugih

2.  Kaping pindho soca kumbul

Kadya tètèsan kang warih

Irengé anjlirit mlaha

Pindha cèt ameles nenggih

Kinarya dadya titikan

Lebda omah-omah yekti

3.  Waja kang amiji timun

Sinawang arintik-rintik

Dadya subur kang kaéntha

Titikan kang kaping katri

Putihé apindha séla

Yèn ngguyu amerak ati

4.  Yèn lagya caturan tuhu

Tan gelem ndeleng lir isin

Klincutan ingkang wadana

Gunemé pedhot rih-arih

Gumuyu ingkang purwaka

Lagya sinambung anenggih

5.  Yèn tindak piyayi iku

Sajak ngujiwat leladi

Kang bisa ndudut kapranan

Tumanduk pyayi puniki

Jumangkah sasolah bawa

Dadya titikan kang ugi

6.  Cihna minangka sad nusul

Yèn jumeneng ngarih arih

Jejengku tinekuk lagya

Kanthi tatas tutus titis

Mencungul ngajeng sinawang

Katon jenjem kang miyarsi

7.  Titikan kang sapta gathuk

Dhemen busana kang apik

Sandhangan dimèn tumata

Mbenerken kang wiron malih

Jangkep yèn nedya winawas

Kang ukel tinata aglis

8.  Minangka hastha sumusul

Kang titikaning pawèstri

Tumungkul ndeleng ing ngarsa

Pindha ngguwak liring kèksi

Datan mlaha yèn sinawang

Pindhané angintip mangkin

9.  Tataran ping nawa gathuk

Kabèh kinarya sembulih

Sukur bagé ketel rikma

Ingkang wonten njeron wadi

Lebda nyimpen kang redana

Sok-sok gawé wirang isin

10.        Kanthi andhap gurit nusul

Pangripta namung leladi

Yèn arsa milih wanita

Kanthi ugeran ing nginggil

Yèn datan sengsem nglegena

Kersaa paring aksami.

(Babon saking Kitab Betaljemur Adammakna)

Pakaryan Padinane Caraka Pos

P u c u n g

1.  Mitra dulur kula badhé atur lipur

Katur ndika samya

Sutresna budaya Jawi

Midhangetna kanthi sukaning wardaya

2.  Caraka Pos anggarap pakaryanipun

Ngopèni nawala

Mider kutha saben ari

Tanpa kemba ngayahi tugas negara

3.  Ésuk-ésuk mbukak bèndhelan      trus lungguh

Anjingglengi layang

Dipilah pilih dèn titi

Mbaka siji diwaca kanthi terwaca

4.  Layang wau dèn sortir tinata urut

Manut klompokira

Dimèn gampang nggènnya ngirim

Tinalènan, ingedum pinantha pantha

5.  Yèn wus rampung banjur budhal kluyur-kluyur

Anumpak sepédha

Myang alamat siji-siji

Ati seneng, awak kesel tan dèn rasa

6.  Kadhang kala ngebal-ngebèl ra disaut

Lawangé tutupan

Takon tangga kanan-kéring

Awak sial, tanggané gèk padha lunga

7.  Tambah bingung, blusukan sajroning kampung

Takon mrana-mrana

Nanging ora diwangsuli

Tiwas-tuwas layang ora bisa tekan

8.  Mula dulur, yèn nulis aja sok ngawur

Alamat sing lengkap

Aja waton angger nulis

Surat bali, warta tan tekan panggonan

9.  Lamun nulis alamat jangkep lan  runtut

Sa-Kodhe Pos-ira

Layang bakal tekan, mesthi

Si pengirim lan kang nampa samya suka

10.        Panas udan, ora sambat ora nggersuh

Mongkog jroning nala

Dadi abdining negari

Ati seneng, urip tentrem, ngrasa mulya