” Njareming Pangigit-igit” (11)

sawise ngontrol para karyawan sing nggarap proyek pengolahan limbah, Adi pamit dhireksine. Dina iku dheweke arep nyelakake wektu menyang kantor polisi. Tekan kantor polisi dheweke weruh sepedha montor puluhan jejer-jejer ing plataran. Sawetara polisi padha mriksa nomer rangka lan nomer mesine, dicocogake karo STNK-ne. Kap­ten Polisi Sujarwa wira-wiri ngawasi anak buahe sing padha nindakake pakaryan kuwi. Bareng weruh tekane Adi, dheweke aruh-aruh sinambi mesem.

“Mas Adi ana perlu? Sedhela ya, aku arep ngrampungake gaweyanku iki.

“Mangga, mangga Pak, aku ora ke­susu kok,” wangsulane Adi uga kanthi mesem sumeh.

Wetara seprapat jam, Kapten Polisi Sujarwa nemoni Adi.

“Ayo Mas Adi, ngendikan ana kantorku wae!” pangajake Sujarwa karo ndhisiki njangkah mlebu kantor. Adi ngetutke. Sa­wise mapan lungguh Adi ngrogoh sak, nju­puk rokok diulungake per­wira polisi kuwi. Dheweke uga njupuk sakler. Karo kebal-kebul ngematke rokok, insinyur iku mbukani rembug.

Panjenengan sibuk banget ya, Pak? Kok akeh kendharaan ditahan, apa ken­dharaan colongan?”

Untitled-10.psd“Durung mesthi. Wis sepuluh dina iki, polisi nganakake operasi gedhen-gedhenan. Akeh kendhara­an sing tanpa piranti pengaman, kaca spion, lampu reting, lampu rem, tutup pentil, kothak PPPK, reme ora makan, lan isih akeh kekurangan liyane. Kendharaan-kendharaan kuwi cukup ditilang. Ken­dharaan sing nuwuhake rasa sujana, ke­peksa ditahan. Sawise ditliti, nyatane akeh kendharaan sing nomer rangka lan nomer mesine ora cocog karo nomer sing ka­tulis ana STNK. Bisa uga kuwi kendharaan colongan.”

“STNK-ne saka ngendi?”

“STNK palsu. Pancen saiki komplotan curanmor saya ndadra. Organisasine rapi. Angel dilacak. Saiki bandhit karo po­lisi padha pintere.

“Sing ditahan kok mung kendharaan rodha loro, Pak?”

“Ora, lha kae ing plataran mburi ana telung puluhan kendharaan rodha papat sing ditahan.”

Adi nyawang plataran mburi satleram­an. Dheweke weruh mobil diparkir jentrek-jentrek. Merek lan cete werna-werna. Kendharaan saka dhaerah liya uga akeh.

“Mas Adi mbutuhake bantuwanku?”

“Aku mung arep ngaturi lapuran, STNK-ku sing diasta Dhik Pram wis dipasrahake aku.”

Kapten polisi Sujarwa njomblak, ujare.

“Yen ngono STNK penjengan ana loro?”

“Mula kuwi, Pak, aku uga gumun.”

“Wah, iki mesthi ana bab sing ora beres. Coba, aku ndeleng STNK-ne!”

Sawise nampani STNK, Kapten Polisi Sujarwa ngiling-ilingi STNK kuwi sedhela. Dheweke njur mbukak lemari, njupuk mik­roskop. Nganggo piranti kuwi dhe­weke njingglengi STNK-ne Adi.

Adi maspadakake karo mbatin. “Apa sebabe STNK-ku diliti njlimet kaya ngono? Apa ana sing nyeneh?”

Nalika Kapten Polisi Sujarwa masrah­ake STNK, Adi nampani karo nylemong, mancing supaya perwira polisi kuwi mblakakake asil panalitene.

“Mesthine STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar kae STNK palsu ta, Pak.”

Sing diomongi ora enggal semaur. Malah nyawang Adi kanthi tajem. Insinyur kuwi ora ngira yen omonge ngundang rasa sujana. Dheweke plonga-plongo kaya bocah cilik ndeleng sulapan. Bareng dienteni sawetara suwe Kapten Polisi Sujarwa ora gelem ngandhakake asil pa­nalitene, Adi jur nelakake batine kanhi pitakon.

“Pak, aku gumun, geneya STNK-ku mau penjenengan pirsani nganggo mikroskop?’

“Sapa ngerti yen STNK kuwi palsu.”

“Lho, kok palsu?” pi­takone Adi karo rada mre­kitik atine. Pangirane, Kap­ten Polisi Sujarwa arep golek-golek kesalahane.

“Aja kesusu emosi, Mas Adi. Aku du­rung bisa mesthekake, STNK penjeneng­an kuwi asli apa palsu. Saiki STNK-ne panjenengan asta wae. Yen perlu liya dina aku ngampil, arep dakpriksakake ana laboratorium kriminal Polda.”

“Nanging rak wis cetha, iki STNK-ku dhewe. Mesthi asli. STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar mesthi palsu. Nalare ngono ta, Pak?” pitakone Adi ngeyel.

Kapten Polisi Sujarwa mesem sinis karo mangsuli.

“Sok-sok nalar uga bisa cengkah karo kasunyatan, Mas Adi.”

“Kok ngono, pak?”

“Ngene, Mas Adi, sawise ditliti ana laboratorium Polda, STNK sing tinemu ing cedhak jisime Bu Enggar pranyata asli.”

Adi njomblak.

“Pantes mau Pak Jarwa sajak nyuja­nani aku. Ah, mokal yen STNK sing dipas­rahake Dhik Pram nyang aku palsu. Nanging yen STNK-ku asli, lan STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar uga asli, apa ana STNK loro padha asline? Aku yakin yen STNK sing tinemu ing cedhak jisime Mbak Enggar mesthi palsu. Dakkira asil panlitene laboratorium Polda kleru,” ngono gagagasane Adi. Nuli ke­susul pitakone Kapten Polisi Sujarwa.

“Tenan, STNK iki penjenengan tampa saka Mas Pramudya?”

“Apa aku goroh?” wangsulane Adi kanthi ati kang isih mangkel.

“Aja salah tampa, Mas Adi. Masalah sing perlu ditlusur, sapa sing nitipake STNK marang Mas Pramudya. Sapa ngerti masalah iku bisa kanggo dalan miyak ka­durjanan ing jalan Tangkubanprau. Eeem … panjenengan pirsa sapa sing nitipake STNK penjenengan marang Mas Pra­mudya?”

“Miturut kandhane Dhik Pram, sing titip STNK iku pesuruh.”

“Pesuruh PT Abhirama mesthine akeh. Sapa jenenge pesuruh sing nitipake STNK?”

“Dhik Pram ora ngandhakake jenenge. Kapan-kapan bisa daktakokake. Apa perlu daktilpune saiki wae, Pak?”

“Aja, luwih becik ditakokake yen pen­jenengan kepethuk Mas Pramudya wae.”

Adi manggut. Dheweke mikir-mikir, apa sebabe perwira polisi kuwi nglarang dheweke nakokake liwat tilpun jenenge pesuruh sing nitipake STNK marang Pra­mudya? Apa kuwatir yen dirungu wong liya? Sawise mikir-mikir sawetara suwene, insinyur kuwi mbacutake lapuran.

“Pak Jarwa, ana masalah liya sing perlu daklapurake penjenengan.”

“Masalah apa?”

“Unit pengolahan limbah PT Abhirama dirusak wong. Anehe, wong sing ngrusak numpak Jimy biru, nomere padha karo nomer mobilku.”

“Lho … iki lelucon apa maneh?” tang­gape Sujarwa karo kukur-kukur sirahe sing ora gatel. Dheweke mikir-mikir, muter gagasan sawetara suwene. Terus ngetokake notes, ureg-ureg nyatheti lapurane Adi.

“Mas Adi, informasi penjenengan iki penting banget kanggoku. Bisa nambahi keyakinanku yen wektu iki komplotan curanmor ora baen-baen. Aku matur nuwun. Saka sapa penjenengan pirsa yen mobil sing ditumpaki durjana sing ngrusak unit pengolahan limbah nomere padha karo nomer mobil penjenengan?”

“Saka lapurane satpam marang Pak Dhireksi.”

Kapten Polisi Sujarwa manggut-mang­gut. Banjur disambung lapurane Adi ma­neh.

“Aku ngrungu kabar sing uga narik kawigaten, Pak.”

“Nyangkut masalah apa meneh, Mas?”

“Miturut kandhane Dhik Pram, unjuk  rasa ing PT Abhirama sawetara dina ke­pungkur jare ana sing ndhalangi.”

Minangka perwira polisi sing wis pa­ham theg kliwere kadurjanan, Kapten Polisi Sujarwa ketarik banget marang la­purane Adi sing pungkasan mau. Dhe­weke arep miterang maneh, nanging wis kesusul omonge insinyur mudha kuwi.

“Nanging Dhik Pram durung gelem mblakakake sapa sing ndhalangi unjuk rasa.

Bubar ngomong ngono, Adi nuli me­nyat, pamit. Kluntrung-kluntrung mettu saka kantor polisi.Untitled-9b.psd

Ora kaya biyasane, wektu iku Kapten Sujarwa nguntapake tamune tekan dalan, panggonan markir mobile Adi. Sing di­untabake nyetarter mobil karo mesem lan ngumbar gagasan. “Aku ngerti sebabe Pak Jarwa ngeterke aku nganti tekan dalan. Dheweke kepengin nitik mobilku, ke­pengin ndeleng ciri-ciri mobilku. Perlune kanggo nglacak mobil Jimmy sing ditum­paki wong kang ngrusak unit pengolahan limbah. Apa malah dheweke nyujanani aku sing ngrusak unit pengolahan limbah. Utawa saora-orane aku disujanani kong­konan wong supaya ngrusak proyek kuwi, supaya aku nampa order kanggo ndan­dani lan aku entuk kauntungan.”

Rampung nggagas ngono Adi ngegas mobile ninggalke kantor polisi, bablas menyang PT Abhirama.

Tekan kantor PT Abhirama, Adi nyoba ngothak-athik keanehan kang gegayutan karo STNK-ne.

“Yen STNK sing dipasrahake Dhik Pram palsu, kepriye nalare? Saka ngendi dhe­weke entuk STNK palsu? Sengaja yen Dhik Pram nduweni trekah malsu STNK-ku. Lan kepriye nalare STNK-ku sing asli bisa kecekel ing tangane durjana sing merjaya Mbak Enggar? Mokal. Ah, mangsa bodho. Pancen nalare wong kaya aku kang saben dina ngothak-athik ba­bagan teknik beda karo nalare detektif kang saben dina nliti masalah kadurja­nan,” pamupuse batine.

Sapungkure Adi, Pikirane Kapten Su­jarwa uga dikebaki pitakon maneka warna.

“Dakkira ing sajroning batine, Adi karo Pramudya isih ana rasa memungsuhan. Bisa uga Adi kepengin ngrebut Marlia maneh, lan Pramudya kuwatir yen Adi kasil ngrampas atine Marlia. Mula Pra­mudya arep nyilakakake Adi kanthi cara merjaya Enggarningrum, njur STNK-ne Adi dibuwang cedhak jisim. Nanging apa perlune Pramudya masrahake STNK palsu marang Adi? Apa merga STNK-ne Adi sing digawa Pramudya wis konangan Marlia? Njur dheweke nyedhiyakake STNK palsu kanggo jaga-jaga yen Adi nakokake STNK-ne? Nuli ana perkara anyar sing perlu dakslidiki, proyek pengolahan lim­bah dirusak wong sing numpak Jimy biru nomere padha karo nomer mobile Adi. Ana maneh keanehan, apa karepe Pra­mudya ngandhakake yen unjuk rasa karyawan PT Abhirama ana sing ndha­langi, ning dheweke ora gelem mblaka­kake sapa dhalange?”

Pitakon-pitakon kuwi ngreridhu pi­kirane Kapten Sujarwa wiwit saka regol kantor polisi nalika dheweke nguntabake Adi, nganti mlebu kantore. Tekan kantor, dheweke thenger-thenger.

“Ah, mecahake perkara iki persasat ngudhari benang ruwet. Nanging kepriye wae, aku kudu bisa mbengkas perkara iki. Pak Dewanta masrahake kasus iki ma­rang aku. Yen aku ora bisa ngrampungi per­kara iki, bakal nyuda kapercayane Pak Kapolres marang aku.”

Sabubare ngudhal gagasane, Kapten Sujarwa menyat. Dheweke ngungak me­njaba liwat jendhela. Nyawang me­ndhuwur, weruh mendhung iring-iringan ing langit. Suroso, Bc.Hk(Ana candhake)

Jaka Lola lan Jim Alas

Jaman mbiyen ana sawijining bocah lanang yatim aran Jaka Lola. Dheweke urip ing desa karo simboke sing buruh tani. Sakbendina penggaweane mbebedhag alas golek kayu, banjur didol ing pasar. Dhuwit olehe adol kayu mau dienggo tuku kabutuhan omah sakbendinane. “Ee… etung-etung isa ngenthengake rekasane simbok sing wis tuwa,” mangkono pamikire.

Jaka Lola kawit cilik dhuweni cacad amarga lelara. Yaiku ing ngisor pipine sisih kiwa ana daging sing methungul gedhene sak kepelan tangane wong dewasa utawa asring kasebut lara gondhongen. Wis  bola-bali olehe nambakake  ing  ngendi-endi paran, nanging gondhonge iku tetep ora bisa waras. Panyebabe  mung sepele, mbiyene maeme Jaka lola kekurangan zat yodium.

Mula akeh bocah-bocah desa sing padha ngece, nanging Jaka Lola sing pancen bocah becik aten-atenane mung mesem ngguyu diece kaya ngono. Malah dheweke kerep aweh pitulungan marang wong-wong sing padha ngece mau, mula ya akeh wong sing padha seneng marang Jaka Lola.

Sawijining dina, Jaka Lola  golek kayu mlebu ing tengah alas. Amarga saking sengkude nyambut gawe, dheweke ora sadhar yen dinane wis gumanti angslup sore candhik ala. Kahanan kang maune padhang saiki malih remeng-remeng ireng, malah kepara petheng ndhedhet. Jaka Lola bingung amarga ora bisa nemokake dalan bali mulih ing desane. Kapeksane dheweke nginep ing tengah alas iku. Jaka Lola meruhi ana wit randu alas kang growong tengahe.

“Wah, kabeneran,” mangkono gremenge Jaka Lola sinambi mlebu randhu growong  iku banjur ngaso leyeh-leyeh ing njero wit randhu. Suasana ing tengah alas wengi iku saya sepi tur tintrim. Mung keprungu swarane sato kewan galak lan jangkrik ngerik. Lamat-lamat uga keprungu swara mbaunge asu ajag saka kadohan kang saya gawe mirise ati. Mak prinding… wulu githoke uga melu ngadeg kabeh. Jaka Lola kang kaweden kijenan ing tengah alas mau banjur tetembangan rengeng-rengeng kanggo ngilangi rasa wedine mau. Swarane empuk kepenak ngalun-alun, gawe sengsem atine sapa wae sing ngrungokake.

Ora watara suwe, ana sak rombongan jim padha teka dampyah-dampyah  nggoleki sumbere swara tetembangan saka Jaka Lola. Salah sawijinging jim iku ana sing meruhi gondhong gedhe sing gumandul ing gulune Jaka Lola. Banjur dheweke lan kanca-kanca jim liyane padha ngrerepa ngrayu Jaka Lola supaya gelema ngedol gondhonge iku, awit jim-jim iku ngira yen gondhong iku sing bisa tetembangan kanthi swara kang apik nengsemake mau.

“Ayo cah bagus! Dolen ya barangmu kuwi?” ujare jim sing gedhe dhewe.

“Wadhuh, nuwunsewu. Kula mboten saged maringaken. Awit menika saestunipun penyakit gondhong, sanes barang ingkang saged nyuwantun tetembangan sae,” wangsulane Jaka Lola blaka  kanthi kamigilen.

“Wis ta! Iki tak ijoli watu inten lan mas saloka. Wenehke barangmu iku ya cah bagus? Aku sakbrayat wus kepranan tenan keprungu tembang-tembangmu mau,” rerepane jin sing paling dhuwur dhewe dedeg piyadhege sinambi nguncalake sak kantong watu inten lan mas saloka.

Jim-jim iku terus ngrerepa Jaka Lola supaya gelem ngedol gondhonge, nanging Jaka Lola tetep nolak lan njelasake yen gondhonge iku ora bisa tetembangan. Nanging jim-jim iku ora percaya apa kandhane Jaka Lola. Amarga wis ora sranta, jim-jim iku nyaut gondhonge Jaka Lola kanthi roda peksa, banjur  digawa mlayu nggendring sinambi jejogedan.

Dina esuke sumebar pawarta ngenani Jaka Lola kang malih sugih ndhadhak amarga gondhonge dituku bangsa jim diijoli watu inten lan mas saloka.

Ing tangga desane, ana wong cethil lan srakah sing uga duweni gondhong gedhe ing gulune kaya si Jaka Lola mbiyen. Keprungu pawartane Jaka Lola kaya ngono mau, wong srakah iku kepengin sugih lan pengin mbuwang gondhonge sing wis mataun-taun gumandhul ing gulune. Wong srakah iku banjur budhal menyang tengah alas lan nginep ing njero randhu growong panggonane Jaka Lola mbiyen sinambi ura-ura tetembangan.

Keprungu lamat-lamat swarane tembang, jim-jim sing mbiyen nuku gondhonge Jaka Lola padha jemrunthul nekani wong srakah mau kanthi praupan nesu lan ngegirisi. Jim-jim iku rumangsa kapusan, awit gondhong sing dituku mbiyen jebul ora bisa nyuwara apa-apa. Wong srakah sing ora ngerti mula bukane jim-jim iku  mbesengut nesu, langsung wae nawakake gondhonge.

“Gondhong iki ya bisa nembang, lho!” ujare semu mesem ngarep-arep watu inten lan mas saloka ing pangangen-angene.

Keprungu ujare wong srakah kang kaya mangkana, jim-jim iku sansaya nesu kepati-pati. Jim-jim iku padha nguntapake nesune kanthi naboki lan ndugangi wong srakah amarga wis omong goroh. Kanggo ukumane, jim-jim iku nempelake gondhong sing dituku saka Jaka Lola mbiyen ing gulune wong srakah mau.

“Iki rasakna ukumanku! Wong kok seneng goroh!”

Dadi saiki wong srakah iku nduweni gondhong loro sing gumandhul ing gulune sisih kiwa lan tengen.

“Waduh…!!! Kojur…!!! Kojur…!!! Apes tenan  nasip ingsun…” mangkana panyambate wong srakah ngaru-ara. Cuthel Yogyakarta, 25 Februari 2009 (Endah  Sulistyowati)

Tukang Masak iku Pranyata Robot

Jepang pancen ora tau mandheg nyiptakake robot-robot kang bias sabiyantu menungsa. Inovasi kang pungkasan yakuwi robot tukang masak. Selaras klawan jenenge, robot kang diwenehi jeneng Okonomiyaki Robot iki bisa masak roti khas Jepang, okonomiyaki. Robot ksb pinter banget anggone masak kalebu anggone ngladeni pisan.

robot kokiSaking pintere, dheweke bias nindakake kabeh detail proses wiwit nudhek bahan-bahan ing mangkok, ngesok menyang loyang panas, malik asile masakan amrih ora gosong engga nata ing sandhuwure piring. Dheweke uga bisa langsung ngladekake asil masakane mau klawan kalorone tangane kepara tawa nggawakake bumbu tambahan liyane apadene jinis saos kang disenengi.

Robot Okonomiyaki iki diciptakake dening Toyo Riki Co, sawijining perusahaan perancang robot ing Osaka.

Asu Kloning Awake Bisa Murub

Para ilmuwan ing Korea Selatan ngaku wis kasil ngloning asu jinis beagle cacah papat. Lucune, awake kapapate asu mau murub!

Awake mung bakal negtokake cahya yen disorot lampu ultraviolet. Perangan sing mancarake cahya mau yakuwi ing kuku lan kulit sing tipis kaya weteng upamane.

anjing korea1Profesor Lee Byeoung-chun saka Universitas Nasional Seoul kang mimpin riset kloning iki ngandhakake minangka asu transgenik kawitan ing donya kang ngandhut gen fluorescent. Sadurunge, peneliti AS lan China lagi bisa nindakake tumrap tikus lan babi.

“Asil penting jroning riset iki ora mung werna abange iku, nanging gen kang kasil kita seleh ing awake ” ujare Lee. Teknik nyusupake gen kang bias ngetokake cahya biasane  dimanfaatake kanggo ndheteksi sel-sel kanker jroning terapi pengobatan.

Tim kang dipimpin Lee migunakake sel kulit asu babone ngasilake asu papat mau. Para peneliti nusupake gen fluorescent sadurunge inti sel mau disuntikake menyang sel telur kosong lan ditandur ing weteng asu angkate.

Asu-asu kloning ksb lair sasi Desember 2007. Sakawit ana 6 kang kasil lair kanthi slamet, nanging loro ing antarane mati.

Ngedhemake modem USB 3G migunakake heatsink

Modem sering panas lan ndadekake lemot kanggo loading, iki ana tips praktis kang cukup migunani asil kreasine sawijining aktifis Yogyafree Surabaya kang aran David Hosanna. Idhene David iki lumayan hebat merga bisa kanggo ngedhemake modem 3G Huawei E220 supaya tahan Heatsink1lama panganggone. Teknike yakuwi kanthi migunakake heatsink CPU bekas kang dihubungake nganggo cairan heatsink kang wis dimodifikasi. Luwih jelase bias klik URL e http://opensource.telkomspeedy.com/wiki/index.php/Teknik_mendinginkan_modem_USB_3G_menggunakan_heatsink

Joana Alexandra; Ora Risi Muncul ing Playboy

Kiprahe Joanna ing jagading hiburan diwiwiti nalika ngancik kelas 3 SMP. Nalika iku dheweke lagi pesen panganggo kanggo acara promt night. Joanna banjur menyang butike Adji Notonegoro “House of Adjie” ing kawasan Barito, Jakarta ‎Selatan. Pranyata rupane kang ayu ndadekake perancang busana kondhang mau kesengsem. Adjie langsung nawani Joanna  dadi modele. Kalodhangan  emas iki pranyata uga ora ditogake ngono wae dening cewek kelairan  23 April 1987 iki. Joanna oleh pendidikan sekolah model nganti wusanane dikontrak dadi model dening Flash Agency duweke Adjie.
Joanna Arimbi 1 Karire Joana dhewe ing jagading seni peran diwiwiti kanthi main ing sinetron Si Bajaj produksi MD Entertainment, nalika kuwi dheweke main klawan Ervan Naro lan Selly Hasan. Dheweke uga tau dadi model iklan produk pemutih wajah. Sawise iku Erwin Arnada, sawijining produser uga kesengsem marang rupa ayune cewek kang saiki wis omah-omah klawan Raditya Oloan Pangabean iki.
Erwin ngajak main ing Film Catatan Akhir Sekolah. Erwin uga kang nawani Joanna dadi model ing majalah Playboy edisi Indonesia. Cewek sutresna werna jambon iku pranyata ora nampik senajan dheweke kudu nganggo lingerie nalika sesi pemotretan. Lan, pranyata uga, majalah kang ngemot foto-foto seksine mau ngundang kontroversi rame. Nanging Joanna ngaku siap yen bakal dicecamah masyarat. Dheweke wis mritungake anane konsekuensi mau.
Saliyane dadi model, main sinetron lan FTV, cewek kang wis diparingi momongan aran Zuriel Paris Jediah iki uga dadi bintang video klip Peterpan, Pandawa Lima, Padi, Omelet lan Galagasi. Putri pasangan Jefrey Kaerupan lan Nina Larasati iki tumekane saiki wis mbintangi 3 film, yaiku Catatan Akhir Sekolah, Lewat Tengah Malam, lan kang paling gres Virgin 2. (yayahkiki)

Wiji umur 2000 Taun Isih Bisa Thukul

Satleraman, palem kang dhuwure 1,2 meter umur telung taun iki biasa-biasa wae. Nanging, tanduran kang diarani Methuselah iki pranyata dhuwur banget ajine, ora liya merga thukul saka sawijining wiji kang umure wis 2000 taun.
Tanduran iki mbokmenawa nyathet rekor minangka tanduran kang asale saka wiji paling tuwa ing donya. Sebab, tanduran lan wiji paling tuwa sasuwene iki dicekel dening tanduran terate kang asale saka wiji umur 1300 taun.
biji 2000 th2 Trubusane wiwitan muncul taun 2005 saka wiji kang ditemokake ing Israel, persise situs Masada kang dikenal minangka papan pandhelikane wong-wong Yahudi kang milih bunuh diri katimbang ditangkep tentara Romawi. Umur 2000 taun dimangerteni saka asil ngukur radiokarbon.
Sallon, direktur Pusat Riset Kedokteran Alami Louis L. kang naliti wiji mau lagi ngupaya miyak informasi saakeh-akehe ngenani tanduran mau klebu potensi khasiate.
“Salah siji tujuan proyek panaliten kita yakuwi miyak bali manfaat ing mangsa kepungkur nganti nandure saengga duwe pasadyan akeh” ujare Sallon.  Sawijining bab kang durung dingerteni saka tanduran iki yakuwi jinise, lanang apa wadon. Merga pancen, jinis palem-paleman kaya ngene iki biasane lagi bisa dibedakake jinise sawise umur 6-7 taun.
Senajan mangkono, para peneliti wis nyinaoni DNAne tanduran mau. Para ahli gawe kesimpulan yen gen-e mung marisi separo gen palem modern kang isih akeh thukul ing Israel dinane iki.
Sallon ngandhakake isih gedhe pangarep-arep kanggo ngukuhi plasma nutfahe ora mung kanggo sumber pangan nanging uga obat-obatan.  Salah siji program kang dipimpin yakuwi Proyek Tanaman Obat Timur Tengah lagi makarya nandur ing wilayah kang cocok.

Mangkok Mie Paling Cilik sa Donya

Saking cilike, mangkok paling cilik sadonya iki mung bisa dideleng nganggo mikroskop. Mangkok super-cilik iki mujudake salah sijine objek mikrofotografi kang dipamerake ing Jepang during suwe iki.
Mangkok kang wujude kaya wadhah ramen, mie khas Jepang iki, diametere mung saprasepuluh ewu sentimeter. Profesor teknik mesin Masayuki Nakao lan mahasiswane saka Universitas Tokyo nyiptakake mangkok ksb saka material tabung nano karbon, senyawa karbon kang awujud tabung kang kaping 10.000 tipise katimbang rambut.mangkuk mi terkecil
Saliyane mangkoke, Nakao lan mahasiswa-mahasiswane uga nggawe mie-ne pisan saka bahan kang padha. Saben mie mau dawane sapralimangatus centimeter lan kandele sapralimangatus ewu sentimeter. Perangan paling angel jroning nggawe mie mau yakuwi njaga amrih mie-ne ora padha semburat metu.
“Kita yakin iki mangkok ramen paling cilik sadonya, kanthi porsi mie paling sithik ing njerone, senajan ora bisa dipangan” imbuhe Nakao.

Trekahe Nakao satim nggawe mangkok mau pancen mung kanggo seneng-seneng wae, senajan anggone nggawe mbutuhake teknologi canggih.
Tabung nano karbon mujudake material kunci nanoteknologi. Material iki dadi objek utama jroning produk elektronika lan kedokteran merga ukurane kang cilik nanging atos saengga luwih kuwat katimbang waja. (d)

Pelari dunia ora bisa ngladeni ‘CR7’

Atlet lari (pelari) paling banter sadonya, Usain Bolt, ngakoni kehebatan playune gelandhang anyar Real Madrid Cristiano Ronaldo. Malah Bolt ngaku saupama dheweke dadi bek, mula bakal kangelan mburu ‘CR7’.

Bolt pancen sempat nggelar latihan bareng Ronaldo nalika kapten tim nasional Portugal kuwi isih mbela Manchester United. Lan sawise Ronaldo resmi nggabung klawan Madrid, Bolt ngaku dheweke pengin latihan bareng pasukan Los Blancos.

bolt-reutersBolt ngaku dheweke minangka fans duo striker Madrid, Raul Gonzalez lan Ruud van Nistelrooy, saliyane Ronaldo.

“Ronaldo diciptakake kayadene sprinter. Aku jelas bakal ngalami kethetheran ngendhegake playune yen aku dadi sawisijing bek” ujare Bolt marang Realmadrid.com.

Ronaldo resmi dadi pemain Madrid saikine, senajan publikasi resmi Pemain Terbaik Dunia FIFA 2008 mau isih bakal dianakake El Merengus sawenehing dina maneh.

Bolt Ora Marem

Durung suwe iki Usain Bolt kasil menangake kajuwaran nasional, nanging pranyata sprinter Jamaika iki ngaku ora marem. Sebabe ora liya merga cathethan wektu kang diukir adoh luwih rendhet katimbang rekore sing paling apik.
Bolt menangi nomer 200 meter kang digelar Senin (29/6/2009) kepungkur kanthi cathethan wektu 20,25 dhetik utawa meh sadhetik saka cathethan wektune yakuwi 19,30 dhetik. Cathethan kang mesisan rekor dunia iki diukir Bolt ing Olimpiade 2008.
“Yen ndeleng marang asil ing Olimpiade, mula kena diarani aku lagi ngalami kemunduran sithik” ujare Bolt anyel.122218
“Aku rada anyel merga aku ora jroning kahanan performa kang paling apik. Nanging sacara umum aku isih apik-apik wae” ujare priya umur 22 taun mau.
Usain Bolt pancen nduweni ambisi dadi sawijining legenda. Rekor dunia lan rekor Olimpiade kanggo nomer lari 100 lan 200 meter putra diregem atas namane sarta uga bebarengan tim Jamaika nduweni cathethan terbaik ing nomer 4 x 100 meter.
Nanging, Bolt ora pengin mandheg kanggo nyathet rekor-rekor anyar.

“Dak kira aku bisa luwih cepet. Mbokmenawa 9,5 utawa 9,4 dhetik (rekor lari 100 meter, red). Nanging rumangsaku rekor dunia bakal mandheg ing angka 9,4 dhetik” imbuhe Bolt.
“Aku pengin dadi legenda ing olahraga iki. Aku mung pengin kompetisi ing level paling dhuwur” kandhane maneh.
Kesempatan kanggo mawujudake ambisi ksb bakal dibuktekake Agustus mengko, ing kajuwaran donya kang digelar ing Berlin, Jerman. Pelari kanthi julukan “Lightning Bolt” iki bakal oleh saingan saka sprinter liya kayadene Dwain Chambers (Inggris), Tyson Gay (AS) utawa malah kanca sanegarane dhewe Asafa-Powell.
Bolt ngaku ora kuwatir marang atlet kang mbokmenawa bisa njegal langkahe iku.

“Aku ora wedi karo sapa wae. Siji-sijine sing tak wedeni yakuwi lara!” jlentrehe pelari umur 22 taun iku.
(d)

Pawestri kang rejekine Tutut

Pawestri kang rejekine Tutut

K i n a n t h i

1.  Kinanthi jejalu kunjuk

Yèn arsa luru pawèstri

Miliha ingkang pasuryan

Warna dhadhu ingkang kèksi

Ponang otot biru mangkya

Kinarya titikan sugih

2.  Kaping pindho soca kumbul

Kadya tètèsan kang warih

Irengé anjlirit mlaha

Pindha cèt ameles nenggih

Kinarya dadya titikan

Lebda omah-omah yekti

3.  Waja kang amiji timun

Sinawang arintik-rintik

Dadya subur kang kaéntha

Titikan kang kaping katri

Putihé apindha séla

Yèn ngguyu amerak ati

4.  Yèn lagya caturan tuhu

Tan gelem ndeleng lir isin

Klincutan ingkang wadana

Gunemé pedhot rih-arih

Gumuyu ingkang purwaka

Lagya sinambung anenggih

5.  Yèn tindak piyayi iku

Sajak ngujiwat leladi

Kang bisa ndudut kapranan

Tumanduk pyayi puniki

Jumangkah sasolah bawa

Dadya titikan kang ugi

6.  Cihna minangka sad nusul

Yèn jumeneng ngarih arih

Jejengku tinekuk lagya

Kanthi tatas tutus titis

Mencungul ngajeng sinawang

Katon jenjem kang miyarsi

7.  Titikan kang sapta gathuk

Dhemen busana kang apik

Sandhangan dimèn tumata

Mbenerken kang wiron malih

Jangkep yèn nedya winawas

Kang ukel tinata aglis

8.  Minangka hastha sumusul

Kang titikaning pawèstri

Tumungkul ndeleng ing ngarsa

Pindha ngguwak liring kèksi

Datan mlaha yèn sinawang

Pindhané angintip mangkin

9.  Tataran ping nawa gathuk

Kabèh kinarya sembulih

Sukur bagé ketel rikma

Ingkang wonten njeron wadi

Lebda nyimpen kang redana

Sok-sok gawé wirang isin

10.        Kanthi andhap gurit nusul

Pangripta namung leladi

Yèn arsa milih wanita

Kanthi ugeran ing nginggil

Yèn datan sengsem nglegena

Kersaa paring aksami.

(Babon saking Kitab Betaljemur Adammakna)

Pakaryan Padinane Caraka Pos

P u c u n g

1.  Mitra dulur kula badhé atur lipur

Katur ndika samya

Sutresna budaya Jawi

Midhangetna kanthi sukaning wardaya

2.  Caraka Pos anggarap pakaryanipun

Ngopèni nawala

Mider kutha saben ari

Tanpa kemba ngayahi tugas negara

3.  Ésuk-ésuk mbukak bèndhelan      trus lungguh

Anjingglengi layang

Dipilah pilih dèn titi

Mbaka siji diwaca kanthi terwaca

4.  Layang wau dèn sortir tinata urut

Manut klompokira

Dimèn gampang nggènnya ngirim

Tinalènan, ingedum pinantha pantha

5.  Yèn wus rampung banjur budhal kluyur-kluyur

Anumpak sepédha

Myang alamat siji-siji

Ati seneng, awak kesel tan dèn rasa

6.  Kadhang kala ngebal-ngebèl ra disaut

Lawangé tutupan

Takon tangga kanan-kéring

Awak sial, tanggané gèk padha lunga

7.  Tambah bingung, blusukan sajroning kampung

Takon mrana-mrana

Nanging ora diwangsuli

Tiwas-tuwas layang ora bisa tekan

8.  Mula dulur, yèn nulis aja sok ngawur

Alamat sing lengkap

Aja waton angger nulis

Surat bali, warta tan tekan panggonan

9.  Lamun nulis alamat jangkep lan  runtut

Sa-Kodhe Pos-ira

Layang bakal tekan, mesthi

Si pengirim lan kang nampa samya suka

10.        Panas udan, ora sambat ora nggersuh

Mongkog jroning nala

Dadi abdining negari

Ati seneng, urip tentrem, ngrasa mulya

Robot pinter mencolot kaya Walang

Lincah kaya walang, robot cilik kang diciptakake para peneliti Swiss iki bisa mencolot kang adohe kaping 27 dawane awake. Robot iki dawane mung 3 cm lan bobote mung 7 gram, kanthi mangkono dheweke bisa mencolot kurang luwih sakmeter adohe. Robot iki migunani banget kanggo survey ing lokasi-lokasi kang ora bisa ditindakake dening robot mawa rodha utawa mawa sikil.
“Sengaja kita ciptakake amrih bisa mencolot kayadene walang” ujare Mirko Kovac, saka Laboratorium Sistem Intelegensia Politeknik Federal Ecole Lausanne (EPFL) Swiss. Kanggo ngasilake pencolotan kang hebat, Kovac lan time pancen niru desain sistem biomekanika walang gurun. Para ahli manfaatake teknik nyimpen energi kang ditindakake tuma, walang apadene kodhok.
robot belalangEnergi mau disimpen migunakake batrei ukuran mini lan nalika ngumpul tumekaning puncake bakal ngobahake motor lan ngeculake pir cacah loro saengga ngasilake tenaga mencolot kang kuwat banget. Mung jroning wektu 3 menit ngisi energi, robot iki bisa mencolot kaping 320.
“Colotan biomimetik kaya ngene iki unik banget merga bisa dipigunakake robot ukuran cilik kanggo obah menyang maneka jinis palemahan kang ora bisa diambah robot mawa sikil utawa rodha” ujare peneliti liyane Dario Floreano. Dheweke nambahake, mengkone robot iki bisa wae dipepaki sel surya saengga proses ngisi energi bisa lumaku terus.
Asil panaliten iki wis dipresentasekake ing Konferensi Internasional IEEE (International of Electrical lan Electronics Engineers) ing Pasadena, California, AS, sawenehing wektu kepungkur. Robot kaya ngene iki narik kawigatene para peneliti robot ing saindenging jagad merga nduweni manfaat kanggo ngeksplorasi daerah-daerah kang angel diambah, apakuwi ing bumi apadene ing planet-planet liyane.

Helikopter paling cilik mabur ing Vinci

Sawijining inventor asal Jepang mentas iki mamerake helikopter paling cilik sadonya ing kutha kelairane Leonardo da Vinci. Demonstrasi ksb mujudake wujud pakurmatan marang ide jenius tokoh zaman Renaiisance mau.
Gennai Tanagasiwa (75) ngaburake dhewe helikopter gaweyane mau suwene 10 menit ing kutha Vinci. Helikopter kang diwenehi jeneng GEN H-4 ksb didesain kanggo mabur solo kanthi dipepaki kursi siji, rotor, pedhal lan stir. Mesine kang cacah papat sanggup ngaburake helikopter iki suwene 30 menit kang bantere 90 kilometer perjam.
GEN H-4 dudu barang anyar, lan diciptakake Yanagasiwa nalika taun 1990-an. Kanthi bobot 82,5 kilogram lan dawane rotor 3,9 meter, helikopter iki isih kacathet minangka helikopter paling cilik lan paling entheng sadonya dening Buku Rekor Guiness.

Helikopter paling cilik adonya, GEN H-4, rancangan Gen Corporation.

Helikopter paling cilik adonya, GEN H-4, rancangan Gen Corporation.

“Konsep helikopterku asale saka Itali lan aku tansah pengin ngaburake ing kutha kelairane da Vinci” ujare priya kang mbangun bengkele ing Matsumoto, Jepang ksb. Ide da Vinci kang dikarepake yakuwi ‘aerial screw’ kang digawe taun 1480-an. Manut Museum Nasional Sains lan Teknologi Itali, desain Leonardo da Vinci mujudake konsep kendaraan kang bisa mabur pisanan ing donya.
Senajan bisa mabur engga dhuwure 165 meter, Yanagasiwa mung ngaburake 5 meter dhuwure, bab iki amrih bisa dideleng kanthi trawaca dening masyarakat.
“Dak ajab sawijining dina mengko heli iki bisa dadi barang lumrah kayadene motor skuter” imbuhe Yanagasiwa.

Sajege dikenalake marang masyarakat, helikopter iki wis payu limang unit ing Jepang lan rong unit ing AS. Regane kurang luwih 57.140 dollar AS utawa kira-kira Rp 540 yutanan.